Selasa, 30 Juni 2009

SERAT (MANTRA-WEDHA, SUKMA-WEDA, DARMA-WEDA, JAPA-WEDA, JIWA-WEDA)

Mantra-Wedha

(1)
Ono kidung rumekso ing wengi,
Teguh ayu luputo ing loro,
Luputo ing bilai kabeh,
jim setan datan purun,
paneluhan tan ono wani,
miwah panggawe olo,
gunaning wong luput,
geni atemahan tirto,
maling adoh tan keno ing mami,
tuju guno tan sirno.


(2)
Sakebehing loro tan soyo bali,
Kahehing omo tan sami soyo mirudo,
Welas asih pandulune,
Sakehing brojo luput,
Kadi kapuk katibaning wesi,
Sakehing wiso towo,
Sato galak tutut,
Kayu aeng lemah sangar,
Songing landak guwaning lemah miring,
Myang pakiponing merak.


(3)
Pagupakaning warak sakalir,
Nadyan arco myang sagoro asat,
Temahan rahayu kabeh,
Dadya sariro ayu,
Ingideran pro widodari,
Rinekso pro malaikat,
Sakatahing rosul,
Tan dadi sariro tunggal
Ati adam utek ku bagindo eisis,
Pangucapku ya Musa.


(4)
Napasku nabi Ngisa linuwih
Nabi Yakup pamiryarsa ningwang
Yusup ing rupaku mangke,
Nabi Dawud suwaraku
nJeng Suleman kasekten mami
Nabi Ibrahim nyawa,
Edris ing rambutku
Baginda Ngali kuliting wang
Getih daging Abu Bakar Ngumar singgih,
Balung baginda ngusman


(5)
Sumsumingsun Patimah linuwih,
Siti aminah bayuning angga,
Ayup ing ususku mangke
Nabi Nuh ing jejantung
Nabi Yunus ing otot mami
Netraku ya Muhamad
Pamuluku Rasul
Pinayungan Adam Kawa
Sampun pepak sakathahe para nabi
Dadya sarira tunggal


(6)
Sawiji wiji mulane dadi,
Apencar mulaning jagad,
Kasamaran dining dzat e,
Kang maca kang ngerungu,
Kang anurat kang ngimpeni,
Dadi ayuning badan,
Kinaryo sesembur,
Yen winacakno ning toya
Kinarya dus rara tuwo gelis laki,
Wong edan nuli waras.


(7)
Lamun ono wong kadendo kaki,
Wong kabanda kabotan utang,
Yogya wacanen den age
Naliko tengah dalu,
Ping sewelas wacanen singgih,
Luwar ingkang kabanda,
Kang kadendo wurung,
Agelis nuli sinauran,
Mring hyang sukma ingkang utang iku singgih,
Kang agering nuli waras.


(8)
Lamun arso tulus nandur pari,
Puasa o sawengi sadino,
Iderono galengane,
Wacanen kidung iku,
Sakabeh e ngama sami bali,
Yen siro lungo perang,
Wateken ing sengkul,
Antuka tigang pulukan,
Musuh siro rep sirep tan ono wani,
Rahayu ing payudyan.


(9)
Sopo sing reke biso nglakoni,
Amutih lawan anawa,
Patang puluh dino bae,
Lan tangi waktu subuh,
Lan den sabar sukuring ati,
Isya Allah katekan,
Tumrap sanak rajatira,
Saking sawabing ilmu pangiket amami,
Duk aneng Kali Jaga.


Suksma–Wedha

(10)
Ana kidung reke angartati,
Sapa eruh reke aran ingwang,
Duk ingsung ono ing ngare,
Miwah duk aneng gunung,
Ki samurta lan Ki samurti,
Ngalih aran ping tiga,
Arta daya tengsung,
Arang ingsung duk jejaka,
Ki artati aran ingsung ngalih,
Sapa weruh aran ingwang.


(11)
Sapa weruh tembang tepus kaki,
Sasat weruh reke arta daya,
Tunggal pancer sauripe,
Sapa weruh ing panuju,
Sasat sugih pagere wesi,
Rinekso wong sajagat,
Kang angidung iku,
Lamun dipun apalane,
Kidung iku den tutug pada sawengi,
Adoh panggawe ala.


(12)
Lawan rineksa marang Hyang Widhi,
Sakarsane tineko dening Hyang,
Rineksa ing jalma kabeh,
Kang amaca kang angerungu,
Kang anurat myang kang nimpeni,
Yen ora bisa maca,
Simpenono iku,
Temah ayu kang sariro,
Yen linakon dinulur sanendyan neki,
Lan rinekso dening Hyang.


(13)
Kang sinedya tinekan Hyang Widhi,
Kang kinarsung dumadakan kena,
Tur sinisiyan pangeran,
Nadyan tan weruh niku,
Lamun nedya muja semedhi,
Sasaji ing sagara,
Dadya ngumbareku,
Dumadi sariro tunggal,
Tunggal jati swara awor ing Artati,
Aran sekar jempina.


(14)
Somahira ingarang penjari,
Milu urip lawan milu pejah,
Tan pisah ing saparane,
Pari purna satuhu,
Anirmala waluya jati,
Keno ing kene kana,
Ing wasesanipun,
Ajejuluk Adhi suksma,
Cahya jumeneng aneng artati,
Anom tan keno tuwa.


(15)
Panunggale kawula lan Gusti,
Nila ening arane duk gesang,
Duk mati nila arane,
Lan suksma ngubaraeku,
Ing asmoro mung raga yekti,
Durung darbe peparab,
Duk rare iku,
Awayang bisa dedolan
Aran Sang Hyang Jati iya sang Artati,
Yeku Sang Arta jaya.


(16)
Dadya wisa mangkya amartani,
Lamun maria atemahan wisa,
Marma Arta daya rane,
Duk lagya aneng gunung,
Ngalih aran Asmara jati,
Wayah tumekeng tuwa,
Emut ibunipun,
Ni panjari lungo ngetan,
Ki Artati nurut gigiring Merapi,
Anulya mring Sundara.


Darma-Wedha

(17)
Ana panditha akarya wangsit,
Minda kombang angecap ing tawang,
Susuhing angin endhi enggone,
Lawan galihing kangkung,
Wekasane langit jaladri,
Isine wuluh wungwang,
Lan gigiring punglu,
Tapaking kuntul anglayang,
Manuk miber uluke ngungkuli langit,
Kusuma njrahing tawang.


(18)
Ngabil banyu apikulan warih,
Ametgeni sarwi adadamar,
Kodok ngemuli elenge,
Miwah kang banyu dikum,
Myang dahana murub kabesmi,
Bumi pinetak ingkang,
Pawana katiyup,
Tanggal pisan kapurnaman,
Yen anenun sateg pisan anigasi,
Kuda ngarap ing pandengan.


(19)
Ana kayu apurwa sawiji,
Wit buwana epang keblat papat,
Agedong mega rumembe,
Apradapa kukuwung,
Kembang lintang salaga langit,
Semi andaru kilat,
Woh surya lan tengsu,
Asiran bun lawan udan,
Apupucuk akasa bungkah pratiwi,
Oyode bayu bajra.


(20)
Wiwitane duk anemu candi,
Gegedongan miwah wewerangkan,
Sihing Hyang kabesmi kabeh,
Tan hana janma kang wruh,
Yen weruha purwane dadi,
Candi sagara wetan
Ingobar karuhun
Kayangane Sang Hyang Tunggal,
Sapa reke kang jumeneng mung Artati,
Katon tengahing tawang.


(21)
Gunung Agung sagara serandil,
Langit ingkang amengku buwana,
Kawruh ana ing artine,
Gunung sagara amung,
Guntur sirna amengku bumi,
Ruk kang langit buwana,
Dadya weruh iku,
Mudya madyaning ngawiyat,
Mangasrama ing gunung Agungsabumi
Candi candi sagara.


(22)
Gunung luhure kagiri giri,
Sagara agung datanpa sanma,
Pan sampun kawruhan reke,
Arta daya puniku,
Datan keno cinangkreng budi,
Anging kang sampun prapta,
Ing kuwasanipun,
Angadeg tengahing jagad,
Wetan kulon lor kidul mandap myang inggil,
Kapurba kawasesa.


(23)
Bumi sagara gunung myang kali,
Sagung inking sesining bawana,
Kasor ing Arta dayane,
Sagara sat kang gunung,
Guntur sirna guwa samya nir,
Sing aweruh Arta daya,
Dadya teguh timbul,
Lan dadi paliyasining prang,
Yen lelungan kang kapapag wedi asih,
Sato galak suminggah.


(24)
Jim peri parayangan pada wedi,
Mendak asih sakehing dubriksa,
Rumeksa siyang dalune,
Sing anempuh lumpuh,
Tan tumama ing awak mami,
Kang nedya tan raharja,
Kabeh pan linebur,
Sakabehing nedya ala,
Larut sirno kang nedya becik basuki,
Kang sineoya waluya.


(25)
Siyang dalu rineksa ing widi
Dinulur saking karseng Hyang Suksma
Kaidep ing janma kabeh,
Aran wikuning wiku
Wikan liring muja semedi
Dadi sasedyanira
Mangunah linuhung,
Peparab Hyang Tega Lana,
Kang kasimpen yen tuwajuh jroning ati
Kalising panca baya.


(26)
Yen kinaryan atunggu wong sakit
Ejim setan datan wani ngambah
Rineksa mala ekate
Nabi wali angepung
Sakeh lara pada sumingkir,
Ingkang sedya pitenah marang awak ingsun,
Rinusak dening Pangeran,
Iblis laknat sato moro sato mati
Tumpes tapis sadaya.


Japa-wedha

(27)
Ana kidung angidung ing wengi,
Bebaratan duk amrem winaca,
Sang Hyang Guru pangandeke,
Lumaku Sang Hyang Ayu,
Alembehane Asmara ening,
Ngadek pangawak teja,
Kang angidung iku,
Yen kinarya angawula,
Myang lulungan Gusti geting dadi asih,
Sato setan sumimpang.


(28)
Sakatahing upas tawa sami,
Lara raga waluya nirmala,
Tulak tanggul kang manggawe,
Duduk samya kawangsul,
Akawuryan saguhing pikir,
Ngadam makdum sadaya,
Datan paja ngrungu,
Pangucap lawan pangrasa,
Myang tumingal kang sedya tumekeng napi,
Pangreksaning malekat.


(29)
Jabarail inkang animbang
Milunira kanteban iman,
Pan dadya kendel atine,
Ngijail puniku,
Kang rumeksa ing ati suci,
Israpil dadi damar,
Madangi jrokalbu,
Mingkail kang asung sandang,
Lawan pangan tinekan ingkang kinapti,
Sabar lawan narimo.


(30)
Ya hudakyeng pamujining wengi,
Bale aras saka ne mulya,
Kirun saka tengen nggone,
Wanakirun kang tunggu,
Saka kiwa gada ne wesi,
Nulak panggawe ala,
Satru lawan mungsuh,
Pangeret tengajul rijal,
Ander ander khulhu balik kang linuwih,
Ambalik lara raga.


(31)
Dudur molo tengayatul kursi,
Lungguh neng atine surat aningam,
Pengleburan lara kabeh,
Usuk usuk ing luhur,
Ingkang aran wesi ngalarik,
Neng nabi mohamad,
Kang wekasan niku,
Antunggu ratri lan siyang,
Kinedepan ing tumuwung pada asih,
Tunduk mendak maring wang.


(32)
Satru mungsuh mundur pada wedi,
Pamidangan ing betal mukadas,
Tulak balik pangreksane,
Pan nabi patang puluh,
Paring wahyu mring awak mami,
Apan nabi wekasan,
Sabda Nabi Dawud,
Apetak bagenda Ambyah,
Kinaweden ebelis laknat lawan ejim,
Tan wani perak.


(33)
Pepayone godong dukut langit,
Tali barat kumendung ing tawang,
Tinunda tan katon mangke,
Arajeg gunung sewu,
Jala sutra ing luhur mami,
Kabeh pada rumeksa,
Angadangi mungsuh,
Nulak panggawe ala,
Lara roga sumingkir kalangkung tebih,
Luput kang wisa guna.


(34)
Gunung sewu dadya pager mami,
Katon murub kang katon tumingal,
Sakeh lara sirna kabeh,
Luput ing tuju teluh,
Tarakyana tenung jalenggi,
Bubar ambyur suminggah,
Sri Sedana lulut,
Punika sih Rahmatulah,
Iya Sang Jati mulya.


(35)
Ingaranan Rara subaning-sih,
Kang tuminggal samya sih sadaya,
Kadep sapari polahe,
Keh lara sirna larut,
Tan tumama ing awak mami,
Kang sangar dadi tawa,
Kang geting dadi lulut,
Saking dawuh sifat rahman,
Iya rahmat rahayu pangereksaneki,
Sarana nganggo metak.


(36)
Yen lumampah kang mulat awingwrin,
Singo barong kang podo rumeksa,
Gajah meta ning wurine,
Macan gembong ing ngayun,
Naga raja ing kanan kering,
Singa mulat njrih tresna,
Marang awak ingsun,
Jim setan lawan manungsa,
Pada kadep teluh lawan antu bumi,
Ajreh lumayu ngitar.


(37)
Yen sinimpen tawa barang kalir,
Upas bruwang racun banjar sirna,
Temah kalis sabarang reh,
Jemparing towok putung,
Pan angleyang tumibeng siti,
Miwah saliring braja,
Tan tumama mring sun,
Cedak cupet dawa tuna,
Miwah sambang setan tenung pada bali,
Kadep wedi maring wang.


(38)
Ana paksi mangku bumi langit,
Manuk iku endah warnanira,
Sagara erob wastane,
Uripe manuk iku,
Animbuhi ing jagad iki,
Warnanipun sakawan,
Sikile wewolu,
Kulite iku sarengat,
Getihipun tarekat ingkang sejati,
Ototipun kakekat.


(39)
Dagingipun makripat sejati,
Cucukipun sejatining sadad,
Eledan tohid wastane,
Ana dene kang manuk,
Pupusuhe supiah nenggih,
Emperune amarah,
Mutmainah jantung,
Luamah waduke ika,
Manuk iku anyawa papat winilis,
Nenggih manuk punika.


(40)
Uninipun jabrail singgih,
Socanipun punika kumala,
Anetra wulan srengenge,
Napas nurani iku,
Garananipun tursino nenggih,
Angaub soring aras,
Karna kalihipun,
Ing gunung Arpat punika,
Uluwiyah ing lohkalam wastaneki,
Ing gunung manik maya.


Jiwa-wedha

(41)
Ana kidung akandang permadi,
Among tuwung ing kawasanira,
Nganak ake saciptane,
Kakang kawah puniku,
Kang rumekso ing awak mami,
Anekakaken sedya,
Ing kawasanipun,
Adi ari ari ika,
Kang mayungi ing laku kawasaneki,
Nekakaken pangarah.


(42)
Punang getih ing raine wengi,
Ngrerewangi Allah kang kawuasa,
Andadekaken karsane,
Puser kawasanipun,
Nguyu uyu sabawa mami,
Nuruti ing paneda,
Kawasanireku,
Jangkep kadang ingsun papat,
Kalimane pancer wus dadi sawiji,
Tunggal sawujud ingwang.


(43)
Yeku kadang ingsung kang umijil,
Saking marga ina sareng samya,
Sadino awor enggone,
Sakawan kadang ingsun,
Ingkang nora umijil saking,
Marga ina punika,
Kumpule lan ingsun,
Dadya makdum sarpin sira,
Wewayangan in dat samya dadya kanti,
Saparan datan pisah.


(44)
Yen angidung poma den mametri,
Memuleya sego golong lima,
Takir pontang wewadahe,
Ulam ulamipun,
Ulam tasik rawa lan kali,
Ping pat iwak bangawan,
Mawa gantal iku,
Rong supit winungkus samya,
Apan dadya sawungkus arta saduwit,
Sawungkuse punika.


(45)
Tumpengana aneng pontangnya sami,
Dadya limang wungkus pontang lima,
Sinung sekar cempaka ne,
Loro sapotangipun,
Kembang boreh dupa ywa lali,
Memetri ujugbira,
Donganira Mahmud,
Poma dipun lakonono,
Saben dino nuju kalahiraneki,
Agung sawabe ika.


(46)
Balik lamun ora den lakoni,
Kadang ira pan pada ngrencana,
Temah kudrasa ciptane,
Sasedyanira wurung,
Lawan luput pangarahneki,
Sakarepe ira wigar,
Gagar datan antuk,
Saking kurang temenira,
Madep laku iku den awas den eleng,
Tamat ingkang kidungan.





By alang alang kumitir

Senin, 29 Juni 2009

WEJANGAN URIP

LABETING KARTIYASA

Labeting kartiyasa punika
Awit saking pambudayaning gita dursila
Rinuwat kanthi mrihatini adrenging karsa
Ngubara lan ngumbara miyat dumununging kamitran.


Amangsuli prahara bebendu ageng
Tan ginayuh hastaning mamilat brata
Wosing rasa kang ginubel graito
Graitaning karsa, dumununging cipta.


Tan ana angkara
Tan ana rubeda
Tan ana dursila
Tan ana tandang duraka.


Jejer anyar
Gagrak anyar
Titah anyar
Jagad anyar
Sarwa gumebyar
Tan ana kang samar
Tansah suminar
Magilar-magilar
Anggelar tulusing nalar.


Budi pinilih, luhur angarih-arih
Masa wurunga karsaning Jati
Hangesti drajading titah
Hawya miruda kang kinarsa ing Allah
Kabeh saka telenging jangkah
Kabeh awit gumelaring pratingkah
Kabeh ngemu tulusing ibadah.


Ngaminana marang donga kang pinuji
Kunjuk Ing Ngarsaning Maha Ji
Humangkara
Humangrasa
Hamungwat trikarsa
Hamungwing baskara
Hamungwing jumantara.


Ngadep Rabbul Ngalamin
Welasing Gusti
Ingkang Maha Sih.


Muliha, muliha, muliha
Muliha mring pancardriya
Balia mring panaraga.


Mawanti-wanti, angati-ati
Aja kongsi keri nunggang jung baitagung,
Kang dinayung malaikat hambaruyung
Dipandhegani dening para nabi
Sinangga mring para wali.


Kinebakan jamna utami
Mulyaning manusa jati
Kang pinilih dening Gusti
Kapilah saking ngalamipun
Awit driyanira mung nyawiji,
Kabeh kagungane Allah.


Mula aja noleh
Mula kudu mantheng
Katuta baitagung
Nyuwuna palilahe Hyang Agung
Awit kuwi Kagunganipun.


Aja ninggal trapsila
Aja nggugu kersaning pribadi
Aja dumeh wus katam kitabe
Najan wus apal dongane
Najan wus guntur sujude
Ning durung kaparingan ridhaning Allah.


Mula dudu rapale, ning atine
Mula dudu wujude, ning lire
Mula dudu jlegere, ning makripate.


Poma, sindukara karaning ronsih
Sawunging swara sawang suwung
Gebyaring gebyur gambyong grambyangan
Rinakit, rinasa, rapita, retyakaning radya.


Jung, jung baitagung
Wus tinata ambaruyung
Lir grimis handaridis
Re-rep pantiarsaning resep
Pindha tilasing atilas tulus.


Tlusurana sing tlaten
Anggita gitaning suksma
Andungkap sunaring padhang
Njingglang ngawang-awang.


Hamung sawiji kang kinanthi
Wahyuning Hyang Widhi,
Kang pinuji-puji.
Wus pupus barang kalire.


WAHDATULWUJUD


Wujuding wijil wahyuning wangsit
Wiyoto woting waskitha kang winasis
Jajaning janma jatining jasad
Jumujuging jaladara jantra jinajah.
” Wujud keluarnya ilham
” melalui orang yang mengerti yang terpelajar
” dada manusia sejatinya jasad
” menuju ke alam jajahan


Amrih amining amaranti
Amina mastani mantra mastadi
Samudananing samudra samun
Sesongaran sasat susantiningrum.
” supaya perkataanya merata
” boleh dikatakan mantra mastadi
” berkedok berlindung di samudra ( mungkin mengatasnamakan kekuatan mayoritas)
” sombong/ugal ugalan menjadi pedomannya


Mungguh asmaning mung kanggo mupus
Dipeh prana nalika daruna dumateng
Tebining dhandhaka anyatrani
Lubering ludira anebaki daruni.
” namanya hanya untuk meredam
” cuma pas bisa melihat waktu kesedihan datang
” luasnya “dhandhaka” menyertai
” lubernya darah memenuhi hati/kesedihan


Najan hamung kinanthi sih utami
Awit diniyati tan kenging rinuyit,
Anggraitaa murih wekasanipun jrih
Muncrat handalidir mring bantala.
” walau hanya dengan kasih sayang
” sudah diniyati sebagai pegangan
” merasalah supaya akhirnya takut
” menyembur membasahi/mengaliri bumi(sujud syukur)


Tiba grahaning Hyang Suksma
Memitri awit saking nggenira
Njangkah tan angoncati
Tibaning Rohul Kudus amrih miranti.
” tiba ke tempat Hyang Suksma
” melihat karena keteguhanmu
” yang berjalan tanpa meninggalkanNya
” keluarnya “rohul kudus” supaya dapat berguna


Jinantra ontran-ontran kang amurwat
Murwating angkara murka
Nabrak, nunjang, ngobok-obok
Nggelar kadurjanan
Ngobrak-abrik tatanan
Salang-tunjang
Gede-cilik tanpa wirang.
” pada jaman kerusuhan yang tak lazim
” lazimnya angkara murka
” sengaja menabrak, menggeser, mengobok obok(tatanan)
” mengadakan hal hal yang bertentangan dengan adat (maling,jambret dsb)
” mngorak abrik tatanan yang berlaku (hukum adat)
” berebutan
” tua muda tak punya malu


Ana jalma mimba Gusti
Ngaku Allah sinarawedi
Ngendi ana titah padha karo Gusti
Kadunungan iblis pinasthi.
” ada manusia mengaku aku Tuhan
” dan mengaku sodara Allah
” mana ada manusia(ciptaan) mengaku sama dengan Tuhan
” dapat dipastikan itu iblis/setan


Manunggal kuwi ‘ra teges sami
Hamung celak raket ring Gusti
Hamung Allah kang pinuji-puji
Ya mung jalma najan wali.
” bersatu bukan berarti sama
” hanya dekat dengan Tuhan
” hanya Tuhan Allah yang patut disembah
” semua hanya manusia walau wali sekalipun


Nyuwun ngapura mring Hyang Widhi
Wani nranyak mring Malikul’alam
Wus madhani Sing Gawe Urip
Dudu kuwi wahdatulwujud.
” minta ampunan kepada Tuhan
” karena berani kepada sang Pencipta Alam
” sudah menyamakan diri dengan Tuhan
” bukan itu arti wahdatulwujud


Sing bener kuwi ya mung aran titah
Ora samar angambrah-ambrah
Aja nerak hukume lumrah
Kawistra ora narimah.
” yang benar itu cuma dapat disebut hamba
” yang tidak kuatir yang berlebihan
” jangan melanggar hukum alam
” nanti akan terlihat tidak bersyukur


Duh Gusti Kang Maha Lestari
Mugi kersa paring lubering pangastuti
Kang samya memesu ring karsaning Gusti
Najan sasarsusur yekti.
” ya Tuhan yang Maha Langgeng/tak pernah mati
” smoga sudi memberi limpahan Rahmat
” kepada orang yang mendekatkan diri melaksanakan kehendakMu
” walau masih banyak salah dalam menjalaninya


WAHDATULWUJUD


Wujuding wijil wahyuning wangsit
Wiyoto woting waskitha kang winasis
Jajaning janma jatining jasad
Jumujuging jaladara jantra jinajah.
Amrih amining amaranti
Amina mastani mantra mastadi
Samudananing samudra samun
Sesongaran sasat susantiningrum.
Mungguh asmaning mung kanggo mupus
Dipeh prana nalika daruna dumateng
Tebining dhandhaka anyatrani
Lubering ludira anebaki daruni.
Najan hamung kinanthi sih utami
Awit diniyati tan kenging rinuyit,
Anggraitaa murih wekasanipun jrih
Muncrat handalidir mring bantala.
Tiba grahaning Hyang Suksma
Memitri awit saking nggenira
Njangkah tan angoncati
Tibaning Rohul Kudus amrih miranti.
Jinantra ontran-ontran kang amurwat
Murwating angkara murka
Nabrak, nunjang, ngobok-obok
Nggelar kadurjanan
Ngobrak-abrik tatanan
Salang-tunjang
Gede-cilik tanpa wirang.
Ana jalma mimba Gusti
Ngaku Allah sinarawedi
Ngendi ana titah padha karo Gusti
Kadunungan iblis pinasthi.
Manunggal kuwi ‘ra teges sami
Hamung celak raket ring Gusti
Hamung Allah kang pinuji-puji
Ya mung jalma najan wali.
Nyuwun ngapura mring Hyang Widhi
Wani nranyak mring Malikul’alam
Wus madhani Sing Gawe Urip
Dudu kuwi wahdatulwujud.
Sing bener kuwi ya mung aran titah
Ora samar angambrah-ambrah
Aja nerak hukume lumrah
Kawistra ora narimah.
Duh Gusti Kang Maha Lestari
Mugi kersa paring lubering pangastuti
Kang samya memesu ring karsaning Gusti
Najan sasarsusur yekti.

Saking: Kang Mas Kumitir

Minggu, 21 Juni 2009

MERUHI KAWERUH


Mangertos punika salah satunggaling bab ingkang sesambetan kaliyan muluring pamikir, ingkang sakawit saged mangertos sebab saking mikir utawi mangertos sebab saking pangraos.

Sadaya kempaling pangertosan kala wau mujudaken undhuh-undhuhan saking sumereb, kasebat kaweruh. Punika amargi asalipun saking tumanduk ing weruh. Lha nyumerabi punika saged dipun tegesi nanggapi dhateng ebahing indriya, nabet saha mangertos dhateng tabet punika. Nampi ebahing indriya saged kanthi nginjen, mrisani, mireng, ngambet, ngraosaken, lan nggrayangi.

Amila ing blabaraning piwulang, panglantih sagedipun olah nalar lan guneman kanthi patitis [njlentrehaken punapa ingkang sampun dipun sumerabi], punika raket supeket sesambetanipun kaliyan piwulang nyumerabi kawontenanipun [pangrembuging] barang-barang, basa monceripun mungel Zaakonderwijs verbonden met spreek en verstands oefeningen.

Pikajenganing manungsa ingkang kasurung dening raos hambetahaken saha niyatipun kepingin mangertos punika ingkang dados dhasaring kaweruh. Saking daya pakartining pikir, kaweruh punika lajeng nuwuhaken pangertosan.

Tuwuhing pangertosan punika boten cekap namung saking ngapalaken utawi nirokaken isining buku utawi saking maos reriptan ing Pawartos Jawi upaminipun, lajeng njajal-njajal piyambak ngiras pantes nyinau neniteni lan nggagas-nggagas utawi nglimbang-nglimbang.

Ilmu iku kalakone kanthi laku, sadaya piwulang punika sagedipun tumanja kedah kanthi tumandang utawi nglampahi piyambak, boten cekap namung taberi ngemba-ngemba damel warna-warni pitakenan, nanging kedah purun nyobi madosi piyambak jawaban saking pitakenanipun kalawau.

Pancen pikiran punika ingkang saged nuntun kitanyinau kaweruh. Awit saking punika kaweruh lelandhesan barang mesthi, tegesipun wonten bukti mawujud nyata wontenipun lan saged dipun buktekaken kanthi limrah, pinanggih ing nalar saha encering pikir.

Ing kaweruh boten wonten bab ingkang winadi, sadaya kedah dipun dhasaraken barang ingkang mesthi. Pitados dhateng dhiri pribadi saha pikajengan ingkang sentosa, punika ingkang dipun betahaken kangge nyinau kaweruh, saking tataran ngira weruh, ngaku weruh, ngantos dumugi nyata weruh utawi temen weruh [badhe kapisah kababar ing wingking]. Sapunika badhe kula lajengaken malih anggen kula gendhu-gendhu rasa bab kaweruh, mliginipun kaweruh bab nalar.

Kaweruh bab nalar punika kaweruh ingkang madosi dhateng hukum-hukumipun pikir. Nalar gadhah kewajiban madosi dhateng cara utawi teknikipun mikir. Ing sabrang Kilenan kaweruh bab nalar punika dipun wastani logika, saking tembung logos ingkang ngemu teges piwulang kangge cara mikir ingkang mlesed, saha nyukani pitedhah supados boten mlesed.

Pramila logika ugi dipun wastani piwulang bab rasio utawi perbandingan, amargi logika saweg tumindak makarya manawi wonten tiyang mastani *anu* dipun gandheng kaliyan *anu* sanesipun, ngantos nuwuhaken pamanggih.

Supados pikir wau ketingal, pikir wau dipun wujudaken mawi tembung/ukara/basa. Logika lajeng ngonceki pamanggih wau lan ngudi dhateng ceplesipun pamanggih wau, tegesipun madosi zhang-zhanganipun, inggih punika gandhengipun si *anu* kaliyan pun *anu* sanesipun wau, cocog miturut nalar punapa boten.

Sanadyan zhang-zhanganipun utawi gandhengipun wau sampun miturut paramasastra, nanging isinipun ukara sok saged cocog lan sok ugi saged mlesed kaliyan kanyatanipun. Ingkang dipun wastani cocog manawi boten mlesed. Pamanggih ingkang mlesed punika kosokwangsul kaliyan pangertosan [upaminipun: pasagi-bunder], utawi boten laras malah congkrah kaliyan pengalaman sanyatanipun [upaminipun: geni-adhem].

Logika boten madosi kasunyatan awit punika sanes wajibipun. Madosi leres utawi ngudi dhateng sejatining bener punika dados tanggel-jawabipun Filsafat, sanes urusanipun Logika [ingkang mligi namung madosi bener tumrap bageyanipun], dados benten kaliyan Filsafat ingkang madosi bener tanpa wates, umum, mutlak.

Logika namung dados prabot kangge nitipriksa lampahing pikir ingkang leres. Tiyang saweg saged madosi kasunyatan utawi sejatining bener manawi anggenipun ngedalaken pamanggih wau boten nalisir saking nalar, inggih makaten punika ingkang dipun wastani lampahing pikir ingkang leres. Ngantos dumugi pundi pentog wohipun pikir, punika boten dados obyek wawasanipun logika.
Kados ingkang sampun kula serat lan kapacak ingPawartos Jawi mriki riptan asesirah Lung Tinampen, satunggaling pamanggih punika saged dipun wujudaken sarana ngaku utawi selak, ngantebaken/positif utawi ngorakaken/negatif, dados saged ya utawi ora, inggih punapa boten [manawi ngedalaken pamanggih mbokya aja karo ngeden].

Pamanggih punika rak namung keyakinan, ingkang tiyang sanes boten kedah sarujuk, “Lho, punika rak pamanggih panjenengan, manawi miturut kula boten makaten …”, sanadyan ta anggenipun ngedalaken pamanggihipun wau kanthi lelandhesan bukti-bukti ingkang kiyat.

Dados pamanggih punika namung mahyakaken *mbokmanawi*, sanes barang ingkang sampun tamtu kasunyatanipun [they express probabilities rather than certainties] lan taksih ngemu suraos *kinten-kinten* [they are subject to doubt].

Saben tiyang tamtu anggadhahi pengalaman ingkang dipun alami piyambak. Manawi tiyang kathah ugi nggadhahi pengalaman ingkang sami lan hasilipun inggih sami, lajeng pengalaman wau dipun wastani pengalaman obyektif, awit wonten cundhukipun antawisipun pengalaman subyektif lan obyektif ngantos tiyang saged ngertos-ingertosan, lajeng saged linton-lintonan pamanggih mawi dhasar nalar.

Nalar wau lajeng saged mbedakaken pundi ingkang cocog lan pundi ingkang mlesed. Wonten ing babagan kasusilan, tiyang saged mbedakaken pundi ingkang leres lan pundi ingkang klentu sarana nalar. Wonten ing pikir, tiyang saged mbedakaken nyata lan ora nyata, cocog lan mlesed. Kangge ngedalaken pamanggih, tiyang saged mastani manawi positif [ya/ngaku/ngantebaken]: godhonge ijo. Utawi manawi negatif/ora/selak/ngorakaken: godhonge ora ijo.

Wujudipun ingkang sanyatanipun [gagasanipun nyata utawi nyatanipun] pancen kados ingkang dipun tingali tiyang wau sanadyan cara nerangaken benten. Bentenipun manawi nerangaken sarana positif, punika genah nyata/konkrit, upaminipun: ijo. Cetha warnanipun setunggal inggih punika ijo, nanging saged ugi dipun terangaken manawi *ora ijo* punika saged nggadhahi teges warni-warni, waton boten ijem.
Manawi tiyang ngedalaken pamanggih, punika tamtu mawi dhasar keyakinan ingkang leres sampun kados makaten punika wontenipun, tegesipun tiyang wau nggadhahi kemanteban tumrap bab ingkang dipun pikir, dene pamanggih wau saged nggambaraken keyakinanipun.

Keyakinan wau saged ngengingi punapa satunggaling bab punika *saged kelampahan*, *boten saged kelampahan babarpisan*, *kedah kelampahan*, utawi *saged kelampahan dados saestu*.

Bab ingkang *kedah kalampahan*, punika tamtu ugi *saged kelampahan*, dados boten dipun endani lan *kedah kalampahan*, wonten ing salebetipun kawontenan ingkang kados punapa kemawon.

Kosokwangsulipun, bab ingkang *saged kelampahan dados saestu*, punika ugi tansah kadosa pundi kemawon punika *kedah kelampahan*, jalaran manawi boten, tamtunipun bab wau boten badhe kelampahan.

Bab ingkang *boten saged kelampahan babarpisan*, punika boten saged kelampahan kanthi kados punapa kemawon. Kosokwangsulipun, bab ingkang *saged kelampahan*, punika wonten warni-warni caranipun *kinten-kinten* saged kelampahan. Watesipun *kinten-kinten* wau celak kaliyan *kedah kelampahan*, nanging tamtunipun boten saged sami kaliyan *kedah kelampahan* wau.

Ingkang boten saged dipun kinten-kinten punika tansah *saged kelampahan*, nanging punika watesipun celak kaliyan *boten saged kelampahan babarpisan*, nanging ugi boten saged sami kaliyan *boten saged kelampahan babarpisan*. Manawi ingkang *saged kelampahan* punika *saged kelampahan dados saestu*, inggih lajeng dados *nyata*.

Punapa ingkang sampun nyata saestu, punika tansah kadosa pundi kemawon sampun kedah makaten. Manawi punika boten saged dipun tampi, sadaya ingkang nyata badhe ical sesambetanipun kaliyan ingkang rasional. Dados ingkang *kedah kelampahan* punika ugi nyata badhe dados nyata lan punika *kedah kalampahan*, wonten ing kawontenan ingkang kados punapa kemawon.

Kosokwangsulipun, ingkang sampun dados nyata, punika inggih *kedah kalampahan*, sanadyan gandhenganipun boten saged dipun tedhahaken [dipun ketingalaken]. Tiyang ngedalaken pamanggih ingkang limrah dipun dhasaraken mawi punapa ingkang ketingal ing mripat, upaminipun: godhonge ijo. Pamanggih wau mawi dipun yakini saestu kanthi tamtu. Tanpa keyakinan ingkang sentosa/pasti wau, tiyang boten saged mikir miturut nalar/logika.

Saged ugi pamanggih wau lajeng kasusul boten leres jalaran mripatipun goroh, nanging pamanggih wau lajeng saged dipun leresaken, dipun ewahi dados cocog. Nanging *caranipun* ngedalaken pamanggih boten lepat, awit sanadyan pancadriyanipun boten saged dipun pitados satus persen, nanging pamanggih ewa semanten tetep pitados dhateng keyakinanipun.

Punika amargi nalika ngedalaken pamanggih taksih pe-dhe bilih kawontenan wau inggih kados nalika dipun sumerebi/tingali, punika dados dhasaripun sedaya cara mikir [ingkang cundhuk kaliyan nalar]. Mawi dhasar punika satunggaling pamanggih saged ngengingi bab ingkang boten kedadosan utawi bab ingkang dereng kedadosan. Pamanggih kados makaten wau taksih nggadhahi teges *kinten-kinten*. Tumrap ingkang sampun *tamtu* punika ugi nggadhahi undha-usuk. Wonten *tamtu ingkang mesthi*, lan wonten *tamtu ingkang mesthi boten*. Upaminipun: *tamtu ingkang mesthi* bilih sebageyan punika langkung alit tinimbang kaliyan wetah [the whole should always be greater than any of its parts], punika minangka tuladha tamtu ingkang boten saged dienyang malih, liripun jawabanipun sampun gumathok. Punika saged damel conto manawi badhe ngrembag bentenipun punapa ingkang namung *pamanggih* lan punapa ingkang saged kawastanan *kaweruh *.

Dipunwastani kaweruh manawi barang ingkang saweg dipun pikir punika njalari kita mikir kanthi cara tartamtu, ingkang sampun boten saged dienyang malih. Anggen kita mikir madosi jawabanipun arahipun tumuju dhateng jawaban ingkang sami, boten wonten pilihan sanesipun malih. Mila jawabanipun boten saged dipun lebetaken dhateng ewoning pamanggih pribadi malih, amargi saben tiyang waras mesthi sarujuk utawi sami pamanggihipun bilih saperangan punika mesthi langkung alit tinimbang kaliyan ingkang taksih wetah.

Kosokwangsulipun, manawi kita taksih rumaos bebas anggen kita mikir madosi jawabanipun, punika taksih winates arupi pamanggih, dede kaweruh. Minangka tuladha: “Punapa tiyang Jawi remen dhahar gudheg?” *Temtu ingkang mesthi boten* bilih loro ping loro kuwi padha karo lima. Tamtu-tamtu kados nginggil wau ngengingi babagan ingkang abstrak lan tumrap barang-barang ingkang wujudipun sarana dipun sukani pangertosan/definisi, mila abstrak/boten nyata.

Benten kaliyan babagan ingkang konkrit/nyata. Wonten ingriku, sanadyan tamtu, nanging taksih wonten mlesedipun. Manawi wonten mendhung lelimengan, kula sanjang “Wah udan”, sanadyan kula saged lepat, nanging sekedhik sanget amargi limrahipun inggih jawah saestu, mesthi udane. Nanging sanadyan namung sakedhik, kula ugi saged mlesed, sareng wonten angin ageng, mendhungipun ical, boten saestu jawah … weee ngapusi mendhunge!

Nanging ugi wonten kawontenan ingkang tamtu kenging dipun temtokaken nyata saestu, upaminipun: sepur Taksaka mangkat saking Yogya tujuwanipun dhateng Jakarta, punika tamtu ingkang kenging dipuntemtokaken nyata saestu badhe dumugi Jakarta, awit umumipun badhe dumugi Jakarta.

Nanging ugi wonten malih kawontenan bilih katemtuan wau gumantung saking ingkang ngendika piyambak. Upaminipun kados conto kula ing ngajeng: “Wah hawane kok adhem biyanget”, kamangka ingkang dipun ajak wicantenan saweg kringeten gobyos.

Dados saged dipun tetepaken bilih wonten ing babagan konkrit/nyata, bab tamtu punika taksih saged dienyang, nanging wonten ing babagan ingkang abstrak/boten nyata, bab tamtu punika sampun boten saged dipun awis malih, fixed price, tamtu nggih tamtu, nanging, sepisan malih nanging … manawi sampun sami cocogipun ing bab definisinipun. Tegesipun, manawi pangertosanipun boten saged sami, wonten ing babagan abstrak wau ugi boten wonten tamtu ingkang satus persen tamtu.
Para sutresna Pawartos Jawi ingkang saweg rumagang ing damel, ingkang saweg suka parisuka sasampunipun pikantuk suka bebungah saking akathah, ingkang gesangipun nyawo glethak namung dalederan tansah dhahar tuwin nendra kewala, punapa dene ingkang namung lelambaran sumendhe dhateng kodrat, wewengan, wewarah, sasmita, lumantar acara-acara ritual, lan sapanunggalanipun.

Sampun njih, sapunika keparenga kula minca-mincu umik-umik ngungelaken aji-aji tan ana ajine:

Ila-ila dina sinabetna ing ila duni tinebihna tulak sarik dhumawahing tawang-towang, kalilanana ingriki Mastoni njegur mak byurrr, tumut ceciblon penak seger munyer-munyer mak serrrr, sinambi tetembangan hambarang jantur tuwin hambalang gondhang tutur, sanadyan namung badhe sinurak hambata rubuh kabalang tetembungan nonjok wadhuk nyogrok tenggak dening para *sutresna* budaya ingkang anggung memardi mardawaning budaya luhur, nanging pangandikanipun sarwa-sarwi jeleh-jeleh anjelalak sajak ngemu groyok boten wewah menthes lan maedahi punapa dene salaras kaliyan kayektosan mekar mungkaring jaman gagrag enggal, puput pepet pepunthoning nggalih lajeng boten ajrih ing tumindak worsuh ngidak-idak asmanipun asanes ing sangajengipun akathah, nama tiyang pancen sampun remuk rempu rasa retu panggraitanipun, bangsat keparat!

Murih boten sangsaya kapanjangan panglantur kula, prayoginipun kula lajengaken malih nyobi ngonceki bab Meruhi Kaweruh punika.

Nyata Weruh, Ngakoni Weruh, lan Ngira Weruh

Tataran Nyata Weruh

Wanci sonten kula saweg mlampah-mlampah. Sareng dumugi margi prapatan ingkang rame, kula sumerab wonten becak kaserempet truk gandheng, becak jempalik, penumpange wutah, tangise mutri Cina, sambate wedhus Jawa, gelasaran melas asih. Kaweruh kula ing inggil wau nama tuwuh saking temen weruh utawi saking nyata weruh, sarana manoni piyambak prastawa utawi kedadosanipun, dede saking tembung jare.

Kaweruhipun tiyang ingkang saking nyata weruh utawi temen weruh, punika kaweruh ingkang tuwuh saking panyrawungipun pancadriya kita dhateng jagad gumelar. Kaweruh ingkang asalipun kados mekaten punika, tiyang sinten kemawon manawi dipuntakeni jawabanipun mesthi sami, sauger tiyang wau taksih waras utawi boten gothang salah satunggaling pancadriyanipun, upaminipun: es punika asrep, sarem punika asin [yen duwe karep mbok aja isin-isin].

Tataran Ngaku Weruh

Tiyang jaman samangke sampun sami ngakeni bilih bumi punika bunder radi lonjong sakedhik. Kajawi punika, bumi punika ebah mubeng ngubengi porosipun, sarana makaten lajeng lumampah ngubengi surya. Dene pun sasangka lampahipun ngubengi bumi.

Kaweruh kados conto ing inggil punika nama kaweruh nyata, ingkang tuwuh saking ngaku weruh utawi ngakoni weruh awit kaweruh wau tuwuh saking muluring pamikir, tuwuh saking kamajenganing pamikiranipun manungsa.

Manawi pamikir kita boten mulur, inggih boten saged katuwuhan kaweruh makaten wau. Punika jalaran manawi kita namung lugu migunakaken pancadriya lan raos pangraos, cobi bumi punika manawi dipun sawang ngangge paningal, mrika-mrika rak ketingalipun radin kemawon, namung kados klasa memet dipun gelar, boten awangun bunder. Saya kok dipun cariyosaken bumi punika ngubengi surya, sangsaya boten mathuk awit ingkang genah miturut pangraosing manah kita surya ingkang ngubengi bumi.

Makaten manawi tiyang namung ngangge pirantos pancadriya lan raos pangraos. Nanging sareng tiyang pikiranipun saya majeng, dangu-dangu kraos, ngertos manawi bumi punika bunder, antawisipun dipun buktekaken kaliyan sinten niku sarana nitih baita ing seganten, angkatipun mangilen terus, jebul njedhulipun lha kok saking wetan. Ingriku tiyang tansaya kenceng anetepaken bilih bumi punika bunder.

Tuladha malih bab muluring pikir: Kita sadaya ngakeni manawi ing tembe kita mesthi pejah. Raos ngakeni makaten punika sayektosipun inggih tuwuh saking muluring pamikir, jalaran kita tansah manoni bilih sadaya ingkang asipat gesang punika ing tembe mesthi sami nemahi pejah. Wekasan saking muluring pamikir kita, kita lajeng wani netepaken bilih kita sadaya punika ugi badhe nemahi pejah sanadyan dereng sumerab benjang punapa.


Tataran Ngira Weruh

*Kaweruh* ingkang tuwuh saking ngira weruh makaten nyatanipun pancen ora weruh, dados sanes kaweruh [kangge nggampilaken anggen kita mbandhingaken lajeng kula dadosaken setunggal ingriki]. Nanging sanadyan nyatanipun ora weruh, sampun dados wataking manungsa, manawi dipun peksa-peksa purih weruh inggih saged, hla lajeng ngira-ngira.

Upami wonten pitakenan, “Bab lelampahanipun tiyang sasampunipun pejah punika kados pundi?” Punika pamanggihipun tiyang satus trekadhang inggih warni satus. Lah sayektosipun dipun punapak-punapakna tiyang boten sumerab. Mila manawi wonten ingkang kenceng netepaken pamanggihipun, saupami dipun suwun kapurih mbuktekaken saknyatanipun inggih glagapen. Dados agami punika sanes kaweruh, nanging punika pangandel/iman/faith, tiyang kantun ngandel kaliyan boten.

Tiyang badhe ngandel dhateng rembaging sanes punika ugi wonten saratipun: tiyang ingkang cariyos wau mitadosi, lan salajengipun angsal paseksen tiyang tiga sekawan gangsal cariyosipun sami, cocog kaliyan rembagipun tiyang sanes ingkang mitadosi wau.

Upami wonten tiyang cariyos bilih ing New York punika saben taun dhawah salju. Lha ingkang cariyos makaten boten tiyang setunggal kalih, prasasat kathah sanget, cariyosipun nggih sami, cocog boten beda-beda. Lah punika ugi kenging dipun pitados sanadyan punika taksih tembung jare. Saupami ing tembe saged tindhak dhateng Noo Yawk piyambak ing wanci musim asrep, kaweruhipun tiyang wau saged dados kasunyatan. Ing ngriki kaweruh wau lajeng ngancik saking tataran ngira weruh tumuju dhateng tataran nyata weruh. Sing maune mung jare, sapunika sampun saged mbuktekaken piyambak manawi ing Noo Yawk dhawah salju ing wanci musim asrep.

Makaten ugi kaweruh saking agami [saking ngira weruh], punika taksih gondar-gandir. Nanging saged ugi ngancik dhateng tataran ngaku weruh sarana muluring pamikir, lan saged ugi ngancik dhateng tataran nyata weruh. Ning inggih saged mbleduk tanpa kukuban. Upami wonten pitakenan kados ing ngajeng, “Swarga lan neraka punika punapa pancen wonten lan kados pundi?”

Pitakenan punika manawi badhe dipun jawab mawi wewaton tataran nyata weruh genah boten saged, jalaran tiyang ingkang badhe jawab wau tiyang gesang ingkang dereng nate pejah lan dereng nate ngalami utawi ngraosaken piyambak kados pundi swarga neraka punika..Yen wantun cariyos kados pundi lelampahanipun tiyang sasampunipun pejah lajeng manggen ing swarga utawi neraka, punika mesthi ngapusi, goroh.

Saged ugi dipun *buktekaken*, nanging kedah mangkat saking wewaton tataran ngakoni weruh utawi saking muluring pamikir, awit muluring pamikir punika ugi wonten ingkang dumugi kasunyatan. Nanging kedah prayitna paseksenipun, manawi sepen ing tandha saksi namanipun taksih wonten in tataran ngira weruh, dados namung kapitadosan.

Tuladha malih: Sukarjo ngakeni bapakipun punika pun Wakidjo. Pangakenipun Sukarjo punika sayektosipun sakawit mesthi namung ngira weruh, namung saking kapitadosan, awit dipun punapak-punapakna pun Surya mesthi boten utawi dereng sumerab bapakipun punika sinten, wong wiwit dereng mbrojol sampun dipun *bucal*. Sumerabipun Sukarjo punika saking ibunipun [utawi tiyang sanes] ingkang nyariyosaken bilih Wakidjo punika bapakipun, sarta saksinipun kuwawi, inggih punika tiyang-tiyang ingkang katranganipun sami, cocog. Sareng sasampunipun dipun padosi lan saged kepanggih, nyata leres bilih pun Wakidjo punika bapakipun. Lha ingriki kaweruhipun Sukarjo ingkang sewaunipun mangkat saking tataran ngira weruh, sapunika sampun saged ngancik dhateng tataran nyata weruh.

Dados *kaweruh* agami punika prayoginipun kita tampeni kanthi muluring pamikir rumiyin, salajengipun kita kedah nyinau gladhen piyambak, ngantos saged ngancik tataran nyata weruh. Kados pundi? nyuwun pangapunten awit kula piyambak dereng dumugi ingriku.

Ing wasana, mugi lumintuning pudyastawa saking Gusti hambabar daya pangaribawa ingkang tumandhuk dhumateng kawula dasih.

Salam Ta'lim kagem Keluarga ageng ipun Kang Mas Kumitir. Nuwun

Rabu, 17 Juni 2009

MEPER HAWA NAFSU


Hawa nepsune manungsa dijlentrehake ing jagad pakeliran

Laku pasa, ing wulan Pasa apadene ing saliyane wulan Pasa, kaprah diarani minangka salah sijine laku kanggo ngendhaleni hawa nepsu.

Tumrap wong Jawa, meper utawa ngendhaleni hawa nepsu dadi salah sijine laku tumuju dadi manungsa kang utama. Paugeran urip ing filosofi kabudayan Jawa kang nengenake sandhang tinimbang pangan mujudake salah sijine asil saka laku meper hawa nepsu.

Sing dikarepake nengenake sandhang dudu arupa menganggo lan nglumpukake sandhangan-sandhangan kang sarwa apik, ananging ateges nengenake upaya ngapikakae pribadi, mbangun citra kanthi sarana tansah ngupadi apike kapribaden lan solah bawa.

Dene ngiwakake pangan, cetha bisa ditegesi laku ngendhaleni kasenengan marang panganan utawa meper hawa nepsu kang metu saka weteng. Laku pasa mujudake salah sijine cara kang kaprah dilakoni wong Jawa kanggi meper hawa nepsu iki.

Ing filosofi kabudayan Jawa kang dadi pancadan uripe wong Jawa akeh sumadya ubarampe kanggo nyinau babagan prelune tansah meper hawa nepsu. Tumrap wong Jawa ora kangelan yen pengin nyinau, mangerteni lan ndhudhah babagan hawa nepsune manungsa kang wis dijlentrehake ing jagad pakeliran wayang kulit. Para pujangga Jawa jaman kawuri uga duwe kawigaten gedhe marang babagan hawa nepsu, saengga kabeh kang gegayutan kalawan hawa nepsu iki tansah diwulangake kanthi sarana seni pedhalangan utawa pakeliran Jawa.

Tumrap wong Jawa, kayadene kang dijlentrehake ing buku Pengendalian Hawa Nafsu Orang Jawa, anggitane Wawan Susetya, weton Narasi, Yogyakarta, 2007, babagan hawa nepsu iki dadi kawigaten karana makmur utawa rusak lan remuke donya iki gumantung hawa nepsune manungsa.

Yen ana pemimpin kang duwe watak lan kapribaden kang apik, hawa nepsune kagolong apik yaiku muthmainah, saengga bisa mujudake memayu hayuning bawana (nglestarekake lan makmurake bumi saisine). Suwalike, yen sawijining pemimpin iku tansah nguja hawa nepsu amarah utawa kamurkan, bakal numusi rusake bebrayan kang tundhone uga nemahi rusake bumi saisine. Nepsu amarah kang tansah ngejak marang laku duraka, nerak angger-angger lan mburu senenge dhewe, bebasan kayadene geni. Kanthi mangkono mung cukup pawitan penthol rek jres siji wae wis bisa ngobong apa wae. Watake wong kang dikuwasani nepsu amarah iku tansah kumawasa, pengin menange dhewe, lan kumudu-kudu minangkani hawa nepsune lan syahwat-e.

Ing jagad pewayangan utawa pakeliran wayang kulit ana paraga wayang kang dadi pralambang hawa nepsu kang tansah nggubel jiwane manungsa. Dene hawa nepsu kang tansah nggubel uripe manungsa iku kaperang dadi papat yaiku amarah, lawwamah, supiyah utawa mulhimah lan muthmainnah. Watake wayang Dasamuka kang kebak angkara dadi pralambang nepsu amarah, yaiku nepsu kang tansah ngejak manungsa marang tumindak duraka, dur angkara kanthi sarana sipate kang tansah adigang, adigung lan adiguna. Wayang Kumbakarna dadi pralambang nepsu lawwamah, yaiku hawa nepsu kang tansah nyacat salahe liyan, kalebu salahe dhewe. Hawa nepsu lawwamah iki sejatine wus nuduhake sipat kang luwih apik kang tuwuh saka kasadharane dhewe.

Watake wayang Dewi Sarpakenaka, pralambang wong wadon kang tansah kagodha dening wong lanang kang bagus praupane, mujudake pralambang nepsu supiyah utawa mulhimah. Hawa nepsu iki sejatine wis alus, saengga meh padha kalawan wisik utawa ilham, yaiku wisik kang apik lan wisik lang asipat ala. Dene wayang Wibisana mujudake pralambang saka nepsu muthmainnah, yaiku jiwa kang anteng lan jatmika ing badan wadage manungsa. Karana iku Wibisana iku kang dadi pralambang nepsu muthmainnah ora melu sedulur-sedulure, yaiku Prabu Dasamuka, Kumbakarna lan Sarpakenaka, ananging malah melu Sri Rama Wijaya, mungsuhe sedulur-sedulure. Ana candhake.


Manungsa dadi palagan paprangan nepsune dhewe

Jumbuh kalawan pralambang hawa nepsune manungsa cacah papat kang dijlentrehake ing pakeliran wayang kulit, miturut Imam Al Ghazali kaya kang diandharake ing Ihya Ulumuddin, manungsa kuwi diwernani patang kekuwatan sipat lan nepsu.

Nepsu cacah telu asipat duraka, yaiku asipat kayadene kewan asu kang nglambangake sipat galak, asipat kayadene kewan babi kang nglambangake sipat kemaruk, asipat syaithoniyah kang dadi pawadan tuwuhe sipat kewan asu lan babi iku. Dene sing pungkasan sipat rubbubiyah utawa uluhiyah kang nuwuhake rasa eling marang Gusti Allah Kang Maha Kuwasa. Sipat sing kaping papat iki yen dirembakakake lan dikemonah kanthi temen-temen bisa ngluwari sipat syaithoniyah saka pribadine manungsa. Kanthi mangkono, sejatine manungsa iku dadi palagan paprangan antarane telung kekuwatan kang asipat ala, dur angkara, duraka lan siji kekuwatan kang asipat tansah njurung lan nggeret pribadine manungsa marang kabecikan.

Hamung wong-wong pinilih wae kang bisa menangake papranganan antarane telung nepsu dur angkara lan siji sipat kabecikan iku. Paprangan iku kudu dilakoni kanthi temen-temen murih siji sipat kabecikan iku bisa menang nalika adhep-adhepan kalawan telung sipat nepsu kang dur angkara.

Gusti Allah Kang Maha Asih sejatine wus mepaki ubarampe tumrap manungsa ing alam donya supaya bisa ngemonah paprangan antarane siji sipat kabecikan kalawan telu hawa nepsu asipat dur angkara iku. Ubarampe kang dikarepake yaiku ubarampe-ubarampe rohaniah arupa akal lan nepsu. Iki kang ndadekake manungsa beda kalawan malaikat kang mung antuk ubarampe akal saka Gusti Kang Maha Kuwasa, ananging ora duwe nepsu. Samono uga beda kalawan sato kewan kang mung antuk ubarampe nepsu tanpa akal. Dene manungsa, menawa luwih ketarik marang ”tarikane langit”, tegese bakal luwih cerak marang sipat taat kayadene malaikat. Suwalike, yen manungsa iku luwih seneng marang ”tarikane bumi” utawa kadonyan, ateges dheweke luwih cerak marang sipat kewan.

Amarga manungsa iku dipepaki ubarampe akal lan nepsu, mula dheweke duwe kalodhangan dadi titah kang apik dhewe, bisa luwih apik tinimbang malaikat. Ananging, manungsa uga duwe bisa dadi titah kang drajate luwih ala tinimbang sato kewan kang mung ngudi mareme hawa nepsune. Para pujangga Jawa jaman kawuri, ya para leluhur kabudayan Jawa, akeh kang kondhang minangka insan kamil (manungsa paripurna). Iku karana para pujangga iku wus kasil meper hawa nepsune kanthi maneka rupa cara lan upaya.

Sejatine, hawa nepsu mono duwe sipat kang kas lan ketara banget. Miturut anggepane wong Jawa, ”hawa” iku ateges rasa wegah nindakake samubarang laku kang asipat nyedhak marang sipat taat (marang Gusti Allah Kang Maha Asih). Dene ”nepsu” ateges semangat kanggo nindakake laku maksiyat. Kanggo ngemonah ”hawa nepsu” iku kudu kanthi cara mindhahake ”hawa” marang ”nepsu” lan suwalike, mindhah ”nepsu” marang ”hawa”. Tegese, rasa wegah nindakake parentahe Gusti Kang Maha Asih dipindhah menyang wewengkon ”nepsu”. Saengga kang tuwuh sabanjure rasa wegah nindakake laku maksiyat. Suwalike, semangat kanggo nglakoni tumindak maksiyat (nepsu) dipindhah menyang wewengkon ”hawa”. Saengga kang tuwuh lan ngrembaka arupa semangat nindahake kabeh prentah-E. Ing jagad kabudayan Jawa, wus akeh tuladha laku mindhahake ”hawa” marang ”nepsu” lan ”nepsu” marang ”hawa” iku.

Tumrap wong Jawa, salah sijine laku kanggo meper hawa nepsu yaiku laku ngurang-ngurangi, kalebu laku pasa lan laku tapa kang nglimputi tarak brata, mesu brata, tapa brata lan pati brata. Tarak brata iki ing bebrayane wong Jawa kang sinebut ngurang-ngurangi, yaiku ngurangi mangan, ngombe lan turu (cegah dhahar lawan guling). Mesu brata yaiku lelaku kang kwalitase luwih dhuwur tinimbang tarak brata. Ing kene, wong wus ngupadi marang laku prihatin rohaniah. Tapa brata mujudake lelaku kang luwih manther marang sangkan paraning dumadi utawa manunggaling kawula gusti. Dene pati brata arupa lakune manungsa Jawa kang wus nggayuh tingkat dhuwur dhewe, yaiku wus tekan marang mangerteni lan ngenali Gusti Allah kang haq. Ing laku pati brata iki kang kabudayan Jawa sinebut wus kasil nggayuh manunggaling kawula gusti.

Senin, 15 Juni 2009

AJI PAMELENG

Tegesipun aji = ratu, pameleng = pasamaden; mengku pikajeng : tandaning sedya ingkang luhur piyambak. Dene empaning pandamelan wau winastan manekung, pujabrata, mesu budi, mesu cipta, ngeningaken utawi angluhuraken paningal, matiraga lan sasaminipun.


Papan ingkang kangge nindakaken wau panepen, panekungan, pamujan, pamurcitan, pamursitan, pahoman, paheningan lan sanes-sanesipun. Dene wedharing kawruh winastan daiwan, dawan, tirtaamerta, tirtakamandhanu, tirtanirwala, mahosadi, kawasanan, kawaspadan, kawicaksanaan, sastracetha, utawi sastrajendrayuningr at pangruwating diyu lan sapanunggalanipun.


Menggah pigunanipun kawruh lan pandamel wau, perlu kangge sarananing panembah murid manggih kawilujengan, margi saged anindakaken dhateng sawarnaning pandamel sae, punapadene kangge sarana duk kita darbe sedya nunuwun kanugrahaning gesang kita pribadi (Pangeran), inggih nunuwun bab punapa kemawon ingkang limrah kenging linampahan saking pandamel kita ingkang boten tilar murwat.


Wondene purwanipun ing jagad teka wonten kawruh pasamaden, bilih miturut saking tembung-tembungipun , sanyata kathah ingkang nagngge basa Sansekrit; yen makaten tetela manawi wimbaning kawruh pasamaden wau saking tumitising kawicaksananipun bangsa Indhu ing jaman kina makina, ingkang sampun boten kasumerepan petang ewoning taun. Bokmanawi kemawon papantaranipun kalihan nalika bangsa Indhu amurwani iyasa candhi dalah reca-recanipun. Dene kawruh wau ing sakawit inggih namung kangge bangsa Indhu, boten nawang bangsa Indhu ingkang agami punapa kemawon, katamtokaken mesthi ngrasuk pasamaden. Awit inggih namung kawruh pasamaden punika ingkang dados mukaning saliring kawruh sajagad, lan ugi dados pangajenging piwulan agami.


Ing ngalami lami bangsa Indhu sami lumeber dhateng ing Tanah Jawi lan sanes sanesipun, serta sami anggelaraken agaminipun tuwin kawruh sanes sanesipun; makaten ugi kawruh pasamaden inggih boten kantun. Kawruh pamasaden wonten ing Tanah Jawi saget ngrembaka tuwuhipun, margi bangsa Jawi tan pilih drajad sami remen puruita lan saged nandangaken dating pangolahing kawruh punika, awit kawruh wau saget nocoki kalihan dhadhasaring pamanahipun titiyang Jawi, mila kalayan gampil rumasukipun wonten ing balung sungsuming titiyang Jawi. Kasembuh malih saking kathahing bangsa Indhu kados sinuntak sami angajawi, nedya anggelar agami Jawi lan kawruh kawicaksananipun. Bebasan sakedeping netra, bangsa Jawi ing sa’indhengipun maratah sampun sami angrasuk agami Indhu, lan ugi sampun sami saget ngraosaken kabegjan, kamulyan, kawilujengan lan sasaminipun, margi saking wohing kawruh pandamel wau.


Ing wusana katungka dhatengipun titiyang bangsa Arab sami lumebet ing Tanah jawi, ingkang ugi ambekta kawruh lan agaminipun Mohammad, kasebut agami Islam, temah nyunyuda tumangkaring agami Indhu, sebab lajeng wonten ingkang angrasuk agami Islam. Namung kemawon wedharing agami Islam boten andarbeni kawruh pasamaden, kados kasebut ing nginggil.


Sareng golonganipun tiyang Islam sampun saget ngendhih Nagari, inggih punika adeging Karaton Bintara (Demak), ing ngriku lajeng angawisi kalayan kenceng, titiyang Jawi boten kenging anindakaken kawruh pasamaden, mekaten ugi sami kinen nilar agaminipun lami, serta kedah santun angrasuk agami Islam.


Ananging boten ta manawi bangsa Jawi lajeng anut purun santun agami Islam sadaya, purunipun wau namung margi saking ajrih paukuman wisesaning Nata, dados Islam-ipun wau namung wonten ing lahir kemawon, utawi Islam pangaran-aran, yen batosipun taksih angrungkepi agamipun lami. Milo bab kawruh pasamaden inggih taksih lajeng katindakaken, ananging pamulang pamedharing kawruh pasamaden wau, ingkang karan nama wejangan (wijang-wijang) sarana lampah dhedhemitan, katindakaken ing wanci ndalu sasampunipun jam 12, ugi papaning pamejang boten kenging kaubah wangon, kadosta ing ara-ara, ing wana, ing lepen lan sasaminipun ing papan ingkang sepen. Pamejangipun srana bisikan boten kenging kapireng ngasanes, sanadyan suket godhong, kewan tuwin bangsanipun gegremetan kutu-kutu walangataga ugi boten kenging miring, yen miring lajeng malih dados manungsa. Mila linggihipun Kyai Guru ajeng-ajengan aben bathuk kaliyan pun murid, serta sanget pamantos-mantosipun Kyai Guru, pun murid boten kenging nularaken wewejanganipun (kawruhipun) dhateng tiyang sanes, bilih dereng angsal palilah Guru, yen nerak bade angsal wilalat manggih sapudendhaning Pangeran. Panindak ingkang mekaten punika, purwanipun namung tetep kangge panjagi, supados pamulanging kawruh pasamaden boten katupiksan dhateng pamarintahing agami Islam. Sebab yen ngantos kasumerepan, tamtu manggih pidana.


Dumuginipun ing jaman samangke, sanadyan Nagari sampun boten angarubiru dhateng wontenipun wewejangan kawruh pasamaden, nanging panindaking wejangan wau taksih kalestantunaken sarana dhedhemitan kados kawursita ing nginggil. Mila lajeng angsal paparab saking panyedaning titiyang ingkang boten remen, utami tiyang ingkang anglampahi sarengating agami Islam, bilih wontening wejangan kawruh pasamaden wau lajeng kawastan ilmu klenik. Purwo saking tembung klenik, lajeng angandhakaken tembung abangan lan putihan. Ingkang kasebut abangan punika tiyang ingkang boten nindakaken saraking agami Islam, dene putihan mastani tiyang Jawi ingkang teluh manjing agami Islam sarta anglampahi sadaya sarak sarengating agami Islam wau, inggih punika ingkang kasebut nama santri. Mila santri karan putihan, margi miturut panganggenipun titiyang agami Islam, bilih santri punika sarwo-sarwi langkung resik utawi suci tinimbang kaliyan titiyang ingkang boten angrasuk agami Islam.


Mangsuli wontening kawruh pasamaden anggenipun sanget winados, menggah ingkang dados sababipun kapretalakaken ing nginggil. Dene yen saleresipun ingkang nama wados-wados wau pancen boten wonten; dados inggih kenging-kenging kemawon kawulangaken dhateng sok tiyanga, boten mawang nem sepuh, serta kenging kawejangaken ing sawanci-wancinipun, uger tiyang wau pancen ambetahaken kawruh pasamaden kasebat. Sebab wontenipun sadaya punika supados kasumerepan dhateng ingakathah, langkung-langkung kawruh pasamaden punika ingkang sanyata dados mukaning sadaya kawruh. Mila wajib sinebar dados seserepaning tiyang nem sepuh wadarin ing saindengipun, tanpa nawang andhap inggiling darajadipun.


Amarengi wahyaning mangsakala, wusana wonten kaelokaning lalampahan ingkang boten kanyana-nyana; ing pawingkingipun bab kawruh pasamaden wau lajeng muncul katampen dhateng tiyang Islam, margi yakin bilih kawruh pasamaden wau, pancen musthikaning gagayuhan ingkang saged andhatengaken ing kawilujengan, kamulyan, katentreman, lan sasaminipun. Mila kawruh wau dening tiyang ingkang sampun suluh papadhanging raosipun inggih punika Seh Sitijenar, ingkang ugi dados pramugarining agami Islam apangkat Wali, lajeng kadhapuk ing ndalem serat karanganipun, ingkang lajeng winastan daim, wirid saking tembung daiwan kasebut ing nginggil. Punapadene lajeng kaewoaken dados saperanganing panembah, sarana dipun wewahi tembungipun, lajeng mungel : salat daim (salat – basa arab, daim saking daiwan basa Sansekrit). Milanipun dipun wewahi basa arab, namung kawigatosan kangge mikekahaken kapitadosanipun murid-muridipun ingkang sampun sami necep agami Islam. Punapadene tembung salat lajeng kapilah kalih prakawis. Sapisan salat 5 wekdal, kasebut salat sarengat, ateges panembah lahir. Kaping kalih salat daim, punika panembahing batos; mangertosipun : anekadaken manunggaling pribadinipun, utawi kasebut loroning atunggil.


Kitab karanganipun Seh Sitijenar wau lajeng kangge paugeraning piwulang. Sareng sampun angsal kawigatosaning ngakathah, ing ngriku salat limang wekdal lan sarak agami sanes-sanesipun lajeng kasuwak boten kawulangaken babar pisan. Ingkang pinindeng namung mumuruk tumindaking salat daim kemawon. Mila titiyang Jawi ingkang suwau manjing agami Islam, langkung-langkung ingkang dereng, lajeng sami ambyuk maguru dhateng Seh Sitijenar, margi piwulangipun langkung gampil, terang lan nyata.


Wondene purwanipun Seh Sitijenar kaserenan kawruh pasamaden, ingkang mijeni Kyai Ageng Pengging, sebab Seh Sitijenar punika mitradarmanipun Kyai Ageng Pengging. Kawruh asamaden, dening Seh Sitijenar lajeng katularaken Raden Watiswara, inggih Pangeran Panggung, ingkang ugi apangkat Wali. Lajeng tunimbal dhateng Sunan Geseng, inggih Ki Cakrajaya, tiyang asal saking Pagelen, ingkang kacarios saderengipun dados Wali, Ki Cakrajaya wau pandamelanipun anderes nitis gendhis. Salajengipun sumrambah kawiridaken dhateng ingakatah. Makaten ugi sakabat-sakabatipun Seh Sitijenar ingkang sampun kabuka raosipun, dening Seh Sitijenar kinen sami madeg paguron amiridaken kawruh pasamaden wau. Sangsaya dangu sangsaya ngrebda, anyuremaken panguwaosing para Wali, anggenipun amencaraken piwulang agami Islam. Yen kalajeng-lajeng masjid saestu badhe suwung.


Ngawekani sampun ngantos wonten kadadosan ingkang makaten, temah Kyai Ageng Pengging tuwin Seh Sitijenar sasekabatipun ingkang sami pinejahan katigas jangganipun dening para Wali, saking dhawuhipun Sultan Demak. Makaten ugi Pangeran Panggung boten kantun, kapidana kalebetaken ing brama gesang-gesangan wonten samadyaning alun-alun Demak, kangge pangewan-ewan murih titiyang sami ajrih, lajeng sami mantuni utawi nglepeh piwulangipun Seh Sitijenar.


Kacariyos sariranipun Pangeran Panggung boten tumawa dening mawerdining Hyang Brama, lajeng oncat medal saking salebeting latu murub, nilar nagari Demak. Kanjeng Sultan Bintara tuwin para Wali sami kablerengen kaprabawan katiyasaning Pangeran Panggung, temah kamitenggengen kadi tugu sinukarta. Sareng sampun sawatawis tebih tindakipun Sang Pangeran, Kanjeng Sultan tuwin para Wali saweg sami enget bilih Pangeran Panggung kalis saking pidana, temah sami rumaos kawon angsal sihing Pangeran. Katungka unjuking wadyabala, atur uninga bilih Sunan Geseng, inggih Ki Cakrajaya, kesah anututi lampahipun Pangeran Panggung. Ing ngriku Kanjeng Sultan katetangi dukanipun, temah dhawahing bendu, para sakabat tuwin murid-muridipun Seh Sitijenar ingkang kapikut lajeng sami pinejahan. Ingkang boten kacepeng sami lumajar pados gesang.


Para sakabatipun Seh Sitijenar ingkang taksih wilujeng kakantunanipun ingkang sami pejah, ugi taksih sami madeg paguron nglestantunaken pencaring kawruh pasamaden, nanging mawi sislintru tinutupan wuwulang sarengating agami Islam, murih boten ka’arubiru dening para Wali pramugarining praja. Dene piwulangipun kados ing ngandhap punika :


Pamulanging kawruh pasamaden ingkang lajeng karan salat daim, karangkepan wuwulang salat limang wekdal tuwin rukuning Islam sanes- sanesipun malih. Wewejanganipun salat daim wau lajeng winastan wiridan naksobandiyah, dene panindaking piwulang kawastan tafakur. Saweneh wonten ingkang pamulangipun ing saderengipun para murid nampi wiridan salat daim, langkung rumiyin kalatih lampah dhidhikiran lan maos ayat-ayat. Wiwit punika wuwulangan pasamaden
lajeng wonten wanrni kalih, inggih punika :



1. Piwulang pasamaden wiwiridan saking para sekabatipun Seh Sitijenar, ingkang sarana tinutupan utawi aling-aling sarak rukuning agami Islam. Wuwulangan wau dumuginipun ing jaman samangke sampun mleset saking jejer ing sakawit, mila para guru samangke, ingkang sami miridaken kawruh pasamaden, ingkang dipun santuni nama naksobandiyah utawi satariyah, nginten bilih kawruh wau wiwiridan saking ngulami ing Jabalkuber (Mekah). Salajengipun para Kyai guru wau, amastani guru klenik dhateng para ingkang sami miridaken kawruh pasamaden miturut wawaton Jawi pipiridan saking Seh Sitijenar. Punapadene para Kyai guru wau nyukani paparab nama Kiniyai, pikajengipun : guru ingkang mulangaken ilmuning setan. Dene nama Kyai, punika guru ingkang mulangaken ilmuning para nabi.



2. Piwulang pasamaden miturut Jawi, wiji saking Kyai Ageng Pengging, ingkang kapencaraken dening Seh Sitijenar (ingkang ing samangke karan klenik), punika ing sakawit, ingkang dados purwaning piwulang, dumunung wonten panggulawenthahing wawatekan 5 prakawis, kados ing ngandhap punika :


1. Setya tuhu utawi temen lan jujur.


2. Santosa, adil paramarta, tanggeljawab boten lewerweh.


3. Leres ing samubarang damel, sabar welas asih ing sasami, boten ngunggul-unggulaken dhirinipun, tebih saking watak panganiaya.


4. Pinter saliring kawruh, langkung-langkung pinter ngecani manahing sasami-sami, punapadene pinter angereh kamurkaning manah pribadi, boten anguthuh melik anggendhong lali, margi saking dayaning mas picis rajabrana.


5. Susila anor-raga, tansah nganggeni tatakrami, maweh rereseping paningal tuwin sengseming pamiharsa, dhateng ingkang sami kataman.


Lampah limang prakawis wau kedah linampahan winantu ing pujabrata anandangaken ulah samadi, inggih amesu cipta angeningaken pranawaning paningal. Awit saking makaten punika mila tumrap panindaking agami Jawi (Buda), bab kawruh pasamaden tuwin lampah limang prakawis wau kedah kawulangaken dhateng sadaya titiyang enem sepuh boten pilih andhap inggiling darajatipun. Mila makaten, sebab musthikaning kawruh tuwin luhur-luhuring kamanungsan, punika bilih tetep samadinipun, kuwasa anindakaken lampah 5 prakawis kados kawursita ing nginggil. Temah kita manggen ing sasananing katrenteman, dene wontening katentreman mahanani harja kerta lan kamardikan kita sami. Yen boten makaten, ngantos sabujading jagad, kita badhe nandhang papa cintraka, kagiles dening rodha jantraning jagad, margi kacidraning manah kita pribadi.


Bab kawruh pasamaden ingkang lajeng karan wiridan naksobandiyah lan satariyah, ingkang ing nguni wiwiridan saking Seh Sitijenar, sampun ka’andharaken ing nginggil, namung kemawon tumandangipun boten kawedharaken. Ing riki namung badhe anggelaraken lampah umandanging samadi sacara Jawi, ingkang dereng kacarobosan agami sanes, inggih punika makaten :


Para nupiksa, mugi sampun kalintu panampi, bilih samadi punika angicalaken rahsaning gesang utawi nyawanipun (gesangipun) medal saking badan wadhag. Panampi makaten punika, purwanipun mirid saking cariyos lalampahanipun Sri Kresna ing Dwarawati, utawi Sang Arjuna yen angraga-suksma. Mugi kawuninganana, bilih cariyos makaten punika tetep namung kangge pasemon utawi pralambang.


Ing samangke wiwit wedharaken lampahing samadi makaten : tembung samadi = sarasa – rasa tunggal – maligining rasa – rasa jati – rasa nalika dereng makarti. Dene makartining rasa jalaran saking panggulawenthah utawi piwulang, punapadene pangalaman-pangalam an ingkang tinampen utawi kasandhang ing sadinten-dintenipun . Inggih makartining rasa punika ingkang kawastanan pikir. Saking dayaning panggulawenthah, piwulang tuwin pangalaman-pangalam an wau, pikir lajeng gadhah panganggep awon lan sae, temah anuwuhaken tatacara, pamacak lan sanes-sanesipun ingkang lajeng dados pakulinan. Punapa panganggep awon sae, ingkang sampun dados tata-cara margi sampun dados pakulinan punika, yen awon inggih awon sayektos, yen sae inggih sae temenan, punika dereng tamtu, jer punika namung pakulinaning panganggep. Dene panganggep, boten yekti, tetep namung ngenggeni pakulinaning tata-cara, dados inggih dede kajaten utawi kasunyatan. Menggah pikajenganipun samadi ing riki, boten wonten sanes namung badhe nyumerepi kajaten, dene sarananipun boten wonten malih kajawi nyumerepi utawi anyilahaken panganggep saking makartining rasa, kasebut sirnaning papan lan tulis. Inggih ing riku punika jumenenging rasa jati kang nyata, kang yekti, kang weruh tanpa tuduh. Wondene kasembadanipun kedah angendelaken ing saniskara, sarana angereh solahing anggota (badan). Mangrehing anggota wau ingkang langkung pikantuk kalihan sareyan malumah, saha sidhakep utawi kalurusaken mangandhap, epek-epek kiwa tengen tumempel ing pupu kiwa tengen, suku ingkang lurus, dalamakan suku ingkang tengen katumpangaken ing dalamakan suku kiwa, mila lajeng kasebut sidhakep suku (saluku) tunggal. Punapadene angendelna ebahing netra (mripat), inggih punika ingkang kawastanan meleng. Lampah makaten wau ingkang kuwasa ngendelaken osiking cipta (panggagas), tuwin amuntu ilining rahsa, dene pancering paningal kasipatna amandeng pucuking grana medal saking sa’antawising netra kakalih, inggih punika ing papasu, dene pamandengipun kedah kalayan angeremaken netra kakalih pisan.


Sasampunipun lajeng nata lebet wedaling napas (ambegan) makaten : panariking napas saking puser kasengkakna minggah anglangkungi cethak ingga dumugi ing suhunan (utek = embun-embunan) , sarta mawi kaendelna ing sawatawis dangunipun. Sumengkanipun napas wau kadosdene darbe raos angangkat punapa-punapa, dene temenipun ingkang kados kita angkat, punika ilining rahsa ingkang kita pepet saking sumengkaning napas wau, menawi sampun kraos awrat panyangginipun napas, inggih lajeng ka’edhakna kalayan alon-alon. Inggih patrap ingkang makaten punika ingkang kawastanan sastracetha. Tegesipun cetha = empaning kawruh, cetha = antebing swara cethak, inggih cethaking tutuk kita punika. Mila winastan makaten, awit duk kita mangreh sumengkaning napas anglangkungi dhadha lajeng minggah malih anglangkungi cethak ingga dumugi suhunan. Menawi napas kita dipun ereh, dados namung manut lampahing napas piyambak, tamtu boten saget dumugi ing suhunan, margi saweg dumugi ing cethak lajeng sampun medhak malih. Punapadene ugi winastan daiwan (dawan), pikajengipun : mangreh lebet wedaling napas ingkang panjang lan sareh, sarwi mocapaken mantra sarana kabatos kemawon, inggih punika mungel `hu’ kasarengan kalihan lumebeting napas, inggih panariking napas saking puser, minggah dumugi ing suhunan. Lajeng `ya’, kasarengan kalihan wedaling napas, inggih medhaking napas saking suhunan dumugi ing puser, minggah mandhaping napas wau anglangkungi dhadha lan cethak. Dene, anggenipun kawastanan sastracetha, margi nalika mocapaken mantra sastra kakalih : hu – ya, wedaling swara ingkang namung kabatos wau, ugi kawistara saking dayaning cethak. (Ungeling mantra utawi panebut kakalih : hu – ya, ing wiridan naksobandiyah kaewahan dados mungel, hu – Allah, panebutipun ugi kasarengan lampahing napas. Dene ing wiridan satariyah, panebut wau mungel : hailah – haillolah, nanging tanpa angereh lampahing napas).


Menggah lebet medaling napas kados kasebut ing nginggil, sa’angkatanipun namung kuwasa angambali rambah kaping tiga, mila makaten, awit napas kita sampun boten kadugi manawi kinen anandangana malih, jalaran sampun menggeh-menggeh. Dene manawi sampun sareh, inggih lajeng ka’angkatana malih, makaten salajengipun ngantos marambah-rambah sakuwawinipun, margi saya kuwawi dangu, sangsaya langkung prayogi sanget. Dene sa’angkataning pandamel wau kawastan : tripandurat, tegesipun tri = tiga, pandu = suci, rat = jagad – badan – enggen, suraosipun : kaping tiga napas kita saget tumameng ing ngabyantaraning ingkang Maha suci manggen ing salebeting suhunan (ingkang dipun suwuni). Inggih punika ingkang kabasakaken paworing kawula Gusti, tegesipun : manawi napas kita sumengka, kita jumeneng gusti, yen tumedhak, wangsul dados kawula. Bab punika para nupiksa sampun kalintu tampi ! Menggah ingkang dipun wastani kawula gusti punika dede napas kita, nanging dayaning cipta kita. Dados ulah samadi punika, pokokipun kita kedah amanjangaken panjing wijiling napas (lebet wedaling napas), kalihan angeningaken (ambeningaken) paningal, sebab paningal punika kadadosan saking rahsa.


Wondene patraping samadi kados kasebut ing nginggil wau, ugi kenging karancagaken, uger kita tansah lumintu tanpa pedhot mangeh panjing wijiling napas, kalihan lenggah, lumampah, utawi nyambutdamel inggih kedah boten kenging tilar mangreh lebet wedaling napas wau, ingkang sarana mocapaken mantra mungel : hu – ya, kados ingkang kajarwa ing nginggil.


Kajawi punika, wirid saking tembung daiwan punika ugi taksih darbe maksud sanesipun malih, inggih punika ateges panjang tanpa ujung, utawi ateges langgeng. Dene pikajengipun amastani bilih wontening napas kita punika sanyata wahananing gesang kita ingkang langgeng, inggih wontening ambegan kita. Dene ambegan punika, sanyata wontening angin ingkang tansah mlebet medal tanpa kendel, ingkang sasarengan kalihan keketeg panglampahing rah (roh). Bilih kakalih wau kendel boten makarti nama pejah, inggih risaking badan wadhag wangsul dados babakalan malih. Mila sayogyanipun lampahing napas inggih ambegan kita ingkang tansah mlebet medal tanpa kendel, kedah kapanjang-panjangan a lampahipun, murih panjanga ugi umur kita, temah saget awet wonten ing donya tutug panyawangipun dhateng anak, putu, buyut, canggah, wareng, ingkang babranahan.


Wontenipun andharan ing nginggil, mratelakaken bilih kawruh pasamaden punika sanyata langkung ageng pigunanipun, mila lajeng sinebut sastrajendrayuningr at pangruwating diyu. Tegesipun sastra = empaning kawruh, jendra = saking panggarbaning tembung harja endra. Tegesipun harja = raharja, endra = ratu – dewa, yu = rahayu – wilujeng, ningrat = jagad – enggen – badan. Suraosipun : Musthikaning kawruh ingkang kuwasa amartani ing karahayon, kaharjan, katentreman lan sapatunggalipun. Dene tegesesipun pangruwating diyu = amalihaken diyu; dene diyu = danawa – raksasa – asura – buta, punika kangge pasemoning piawon, penyakit, rereget, babaya, pepeteng, kabodhohan lan sanesipun. Dados diyu punika kosokwangsulipun dewa, engkang ateges pinter, sae, wilujeng lan sapanunggilipun. Mengku suraos amastani ingkang saget anyirnakaken saliring piawon tuwin samubarang babaya pekewed. Mangertosipun, sinten ingkang tansah ajeg lumintu anandangaken ulah samadi, punika bilih ing suwaunipun tiyang awon, lajeng sirna piawonipun, malih dados tiyang sae lampahipun. Tiyang sakit sirna sakitipun, dados saras, tiyang murka daksiya lajeng narimah sabar, welasasih. Tiyang goroh lajeng dados temen. Tiyang bodho dados pinter. Tiyang pinter dados pinter sanget. Makaten ugi tiyang golongan sudra dados waesia, waesia dados satriya, satriya dados brahmana, brahmana sumengka pangawak braja asarira bathara.


Rahmat Giling @ alang alang

Piwulang Bab HANACARAKA

DANDANGGULA

Hananing wong sing ENENG duk dihin,
Hawarana anasir samoha,
Hagni angin bantala her,
Hiya Hyang Maha Luhur,
Hingkang wujud Eneng menuhi,
Hisining rat winahya,
Hobah osik tuhu,
Hamung saking ananing Hyang,
Hanartani jroning alam kabir sahir,
Hananing titahing Hyang.

1.  Asale manungsa kuwi saka “Eneng” ngrasuk awak-awakan anasir geni,angin, bumi, banyu.
2. Ana dene sing kita jejuluki asma Allah kuwi ENENG ngebaki alam semesta.
3. Kabeh isining jagad iki lan kabeh mobah mosik iki, sanyata saka anane Allah
4. Panjenengane anglimputi sadjroning jagad gede lan jagad cilik.
5. ……. kalebu ing aksara NA.

Nora akeh ingkang arsa uning,
Nalaring reh yen Sang Hyang Suksmana,
Nartani ing saanane,
Nadyan aran dumunung,
Neng isining jagad tan keni,
Netepken winastanan,
Neng kono dumunung,
Nanging mungguh Hyang Suksmana,
Namung namar namur more anartani,
Nora manggon mring ana.
Ha (10) ananing titahing Pangeran kuwi …

1. Ora akeh kang kepengin mangerti bab Allah, sing sipate nglimputi alam semesta iki.
2. Sanadyan katembungake “dumunung” ana ing isining jagad iki, ora kena diarani “manggon” ana ing kono
3. Allah kuwi, dumununge, momore, lan panglimpute, tembunge mung namar lan namur (tegese: ora katon tetela), mulane ya ora kena diarani manggon ana ing kahanan sing katon gumelar iki.

Cekakane Hyang Kang Maha Suci,
Cetha nanging tan kena wineca,
Cag-ceg lamun nora ceceg,
Curna temah katrucut,
Cupet cacad yen nora lancip,
Ciptane tan trawaca,
Cutel nora cancut,
Caritane kang wus lancar,
Careming Hyang cihnane neng ati suci,
Cewet lamun den ucap.

1. Cekakane bab anane Allah kuwi ceta, nanging angel anggone nerangake
2. Cag-ceg pada duwe pangira, sing kita tengeri jejuluk asma Allah kuwi ‘iki utawa iku’, nanging pangira mau ora bener
3. Katrucute panganggep sing ora bener mau ateges cacat, awit pancen ora dong, mung awur-awuran wae, katarik saka buntune lan ketule akal pikirane.
4. Ana dene ngandikane sang wicaksana manunggale Pangeran kuwi kacihna ana ing ati suci, nanging yen dikandakake mengkono, iya kliru.

Rasakena jroning sanubari,
Rumakete lawan angganira,
Raket lan rasa pamore,
Rorone lwir sajuru,
Rina wengi awor lestari,
Rata jroning sarira,
Rumasuk anurut,
Rosing urat daging darah,
Rambut-rambut kabeh kasrambah tan kari,
Rinoban uripira.

1. Rasakena ing ndalem atimu, sang Eneng sing nganggo awak- awakan anasir mau, anggone anjumenengi wadagmu, awor manunggal karo rasamu.
2. Anasir lan rasa kuwi bleger loro nanging kaya mung siji, sakarone rina wengi tansah awor.
3. Nyrambahi sajroning badan sakojur, rumasuk ing urat, daging, getih, dalah rambut pisan, ora ana sing kliwatan ora kesrambah. Ngerobi uripe manungsa iki.

Kakekate kawruhana kaki,
Kaya priye yakine ingkang khak,
Kahanane Pangran mangke,
Kalamun sira ngaku,
Kahanane Hyang Suksma kaki,
Kumpul lan sira mangkya,
Kompra kumalungkung,
Kena ingaranan mokal,
Kudu ngaku kumpul lan kang mengku kaki,
Kuwur kurang weweka.

1. Kawruhana kanti yakin kepriye sanyatane kahanane Allah kuwi
2. Yen kowe ngrumangsani kahanane Allah kuwi kumpul karo kowe, kuwi panganggep kliru lan kumalungkung
3. Mokal banget ingatase kowe kuwi kawula sing kawengku, teka kumpul karo Allah sing mengku. Panganggep sing mangkono mau kuwur (kupur?) lan lacut (kurang weweka).

Dene lamun sira angingkedi,
Dumadinta datan awor ing dat,
Durung weruh ing kadaden,
Dadi mungkir ing pandum,
Dinalih yen dadi pribadi,
Duraka dora arda,
Datan wruh ing udur,
Dunungena kang waspada,
Darunaning jatining dat dennya dadi,
Dandananing dumadya.


1. Dene yen kowe anekadake dumadimu kuwi ora kasamadan Dattullah, sanyata kowe durung dong bab asaling dumadi.
2. Panganggep mengkono mau (ora ngrumangsani) ateges nyelaki kuwasaning Pangeran, pangiramu dumadimu kuwi “dengan sendirinya”. Panganggep mangkono mau duraka lan goroh banget, terang yen kowe ora ngerti marang kawruh bab dumadi.

3. Genahna sing gamblang, kepriye sabab musababe (darunane), dattullah (jatining dat) ngeja wantah awujud titah iki.

Takokena mring kang wus patitis,
Teraping dat dennya moring titah,
Terangena wit tumetes,
Tekeng tlanakan tuntum,
Tata-tata amurweng gati,
Triloka amirantya,
Tigang candra tamtu,
Tamat rampung wujud kita,
Tinengeran kakung atanapi estri,
Tetela daya titah.


1. Takokna marang gurumu kepriye jelase pangeja wantahe dating Pangeran, awujud titah manungsa iki.
2.  Terangna wiwit banyuning Bapa tumestes ana ing guwa garbaning biyung, perkembangane dadi getih, banjur dadi daging, sabanjure kasinungan triloka (betalmakmur, betalmucharam, betalmukadas).
3. Sawise ganep telung sasi, sempurna wujud bayi, katamtokake dadi manungsa lanang utawa wadon.

Sang Hyang Esa sangang wulan keksi,
Saking jroning guwa garba mesat,
Sumeleng suwung wiyose,
Sampun sarira rasul,
Sulihing Hyang minangka saksi,
Sing kwaseng Hyang Wisesa,
Sinung sih rinasuk,
Sinedhahan amisesa,
Sesining kang sarira Sang Hyang Sa maksih,
Sipat siki tan pisah.


1. Jatining dat sing ngejawantah mau, sawise sangang sasi, banjur metu saka guwa garba, awujud jirim mawa papan, jirim.
2. Bayi sing lahir saka guwa garba mau apengawak “utusan” minangka pratanda bab kuwasaning Pangeran.
3. Saka kuwasaning Pangeran, deweke kaparingan sih sarta ditugasake mranata dirine sakojur. Dene jatining Dat kuwi isih lestari sipat siji karo dirine, ora tau pisah.

Wasitane pra parameng kawi,
Wali-wali neng srat kawi jarwa,
Wong urip jwa salah weweng,
Wruha wosing tumuwuh,
Wit sing purwa myang madya tuwin,
Wusana ajwa kewran,
Waskitaning kawruh,
Wruh woring kawula lawan,
Wujuding Hyang Winastan waluyeng uwit,
Wawasen den kawang-wang.


1. Para pujangga rambah-rambah paring wejangan kamot ing layang-layang tembang lan banjaran ngelingake wong urip mono aja salah weng-weng.
2. Kudu ngerti wose anggone dititahake kuwi kepriye. Kudu damang purwa, madyo, lan wusanane.
3. Waskitaning kawruh kuwi ngerti sagunging titah karo sing nitahake. Persudinen sing gamblang bab bisane mulih marang asal (asal saka pangeran, mulih marang pangeran).


Laksitane lena den kalingling,
Lalangene nalikarsa ilang,
Luwih angel yen tan oleh,
Laraping kang pitulung,
Lenging wulang ingkang dumeling,
Luluh aneng dadalan,
Lingak-linguk linglung,
Liyepe kyeh kang kawulat,
Lalu lali kalunglun kang ngatingali,
Lebur keneng begalan.


1. Mangertio pangalaman nalikane sakaratul maut (ngancik plawanganing pati). Goda rencanane, nalika arep pecating nyawa kuwi Gawat, tumrap wong sing durung oleh wejangan sing ceta gamblang.
2. Sajroning ngalami krisis (gawat) kuwi, rumongso ora biso nerusake lakune, tingak tinguk bingung atine.
3. Ing waktu kuwi katon sesawangan werna-werna, samongso deweke lali kerem marang sawangan mau, ateges kebegal, ora patitis patine.


Pati papa kalempiting kapir,
Pakolehe duk uripe tanpa,
Puruita panganggepe,
Patrape prapteng lampus,
Pantog tanpa kawruh nyukupi,
Prandene bareng wapat,
Paksa kempas-kempus,
Pan nora pasrah amapan,
Polahane palintiran nora apik,
Pratanda yen kalepyan.


1. Mati sing kasebut ing aksara LA baris angka sepuluh mau: mati sasar, jalarane suwung tanpa kawruh (kapir). Yakuwi akibate nalika isih urip ora gelem golek kawruh. Pamikire patrape mati kuwi gampang cukup tanpa kawruh.
2. Bareng ngancik plawangane pati kempas kempus, ora pasrah, ora mapan polahe palintiran, mracihnani yen deweke lali.


Dhasar beda lan kang wus amundhi,
Dhawuhing sang Pandhita kang medhar,
Dhanurdara mung sumendhe,
Dhatenging kang riridhu,
Dhadhag dhokoh tyas tan kalindhih,
Dhineseg gora godha,
Dhangan nora kidhung,
Dhangah-dhangah mandi pedhang,
Dhatenging kang ripu wirodha tinandhing,
Dhinendha tadhah dhadha.


1. Wong sing wis tampa wejanganing guru bab kawruh kasampurnan, sayekti beda karo sing kasebuting aksara PA mau. Wong sing wis tampa wejangan kuwi, nalika ngancik sakratul-maut, mung sumendhe
2.  Ana reridu teka, ana goda rencana teka, deweke tatag wae, ora kaget lan ora mrebawani atine.
3.  Kaya wong anggawa pedang ligan, ana mungsuh teka nrajang yo ditandingi. Mungsuhe menthung nganggo ‘DHENDHA” dadhane diungalake.
Jatining kang wus weruh ing janji,
Janji-janji janjining sang Dwidja,
Jenak jenjem karem ijen,
Jangkane mung angejum,
Jumenenging jiwangga mbenjing,
Jinungkung jro pamujan,
Jejeg terus tuwajuh,
Jejering driya prasaja,
Joging seja ing mbenjing praptaning janji,
Jatmika srah jiwarja.


1. Sing kacaritake ana ing aksara DHA kuwi wong sing wis insyaf yen wong urip kuwi pacangane pati. Lan wis oleh kaweruh saka gurune (utawa saka maca buku-buku) banjur tawakal lungguh ijen ‘olah cipta’.
2. Tujuane ora liya, supaya sakwise ninggal donya iku jiwane nemu lelakon opo benere. Mulane deweke ngulinake ngolah cipta ana papan mirunggang. Kanti temen-temen, sabar lan telaten.
3. Adege uripe prasaja, dene yen wis teka wektune kudu mati, iya bakal dilakoni kanti anteng lan pasrah.

Ya marmane kulup kang kariyin,
Yaktekena waluyaring laya,
Yakina jrone urip kiye,
Yakti tan wurung layu,
Yen sira tan weruh kariyin,
Yuda-brataning laya,
Yatna liyep luyut,
Yitmanta wastu ngalaya,
Ywa pepeka myang mamrih mulyaning mayit,
Yogya den parsudiya.


1. Kulup, mulane wong kuwi perlu ngudi kawruh, supaya patine ora sasar. Soal pati kudu diyakinake sajrone isih urip iki.
2. Sabab wong urip mono mesti bakal mati. Yen kowe ora ngerti kawruh bab pati, iyo kuwi “yatno liyep luyut”, oncate jiwamu saka raga bakal klambrangan.
3. Aja gumampang Lho !. Lan maneh, kawruh supaya jinasahmu mulya, uga perlu kok parsudi.


Nyataning neng nyatakna ing sunyi,
Nyenyeting rat lawan kahanannya,
Nyirnakna nyet ajwa grenyeh,
Nyaring ilining banyu,
Nyuda rasa kang monyar-manyir,
Nyirnakake kedunyan,
Nyarong sirna kanyut (kang nyut),
Nyeneni naya kumenyar,
Nyamleng tentrem ayem tyase mari nyang-nying,
Nyata wus tekeng sunya.


1. Enenge atimu terusna nganti tekan ora rasa rumongsa (suwung).Kahananing jagad aja kok rasakake, aja mikir kae-kae.
2. Napasmu sarehna kaya nyaring ilining banyu, rasamu sing monjar-manjir temahan lerem. Bakune aja mikir bab kadonyan, amesthi rasa kang monjar-manjir mau ilang.
3.  Wusana kaya kataman cahya, polatanmu dadi sumringah, atimu ayem tentrem, ora karoneyan. Pranyata wis tekan ing kahanan suwung.


Mulane ta pra taruna sami,
Marsudiya ngelmu kang utama,
Mrih marem karem tumameng,
Madyeng ngalam ngalimun,
Meneng mrih wruh mring kang ngayomi,
Manawa wus tan samar,
More mring anggamu,
Muksane luwih utama,
Marga uwus tan samar denira mamrih,
Mulih alame lama.


1. Mulane para anom, prayoga pada marsudio ngelmu CHAK (utama).
2. Temahan kowe rumongso marem, lan duwe sedya ngambah alam gaib-gaib sarana meneng, supaya ngerti kanthi yakin bab anane Allah (kang ngayomi).
3. Yen kowe wis yakin temenan: Allah kuwi ora tau pisah karo kowe,patimu ora bakal sasar.
4. Amarga kowe wis ora samar anggonmu nedya mulih marang asalmu.

Gagarane kang luwih prayogi,
Gagayuhan arsa munggah swarga,
Gunung Tursena jujuge,
Grane kang luwih munggul,
Gondhelana den amaligi,
Gulunganing jiwangga,
Gumeleng saglugut,
Gigiten jwa ringga-ringga,
Gagar lamun sira tan nurut ing margi,
Graning Tursena arga.

1. Sarate sing prayoga banget tumrap setya munggah swarga kuwi:ngliwatane gunung TURSINA sing puncake duwur banget.

2. Puncake kuwi anggonen sipatan aja mangro mertelu. Anggonmu nyawijekake jiwa rogomu, sing nganti gumolong temenan, bebasan dadi sak glugut. Pangestimu aja samar-samar.

3. Yen kowe ora ngliwati puncake gunung tursina mau, sedyamu munggah swarga ora bakal kaleksanan.

Babarane prapteng alam kabir,
Bali murba angebaki keblat,
Busana kauban kabeh,
Bumi baruna klebu,
Badaning Hyang tetep ngelebi,
Babaran njero njaba,
Bola bali jumbuh,
Balik yen tan bangkit murba,
Bakal bali kapurba ing alam kabir,
Bubrah tan bisa mbabar.

1. (Yen kaleksanan tekan ing kahanan suwung) temahan babar apengawak jagad gede (alam semesta), ateges bali kaya asale angebaki keblat. Jagad iki: bumine, segarane, kauban kabeh.

2. Pranyata njero (jagad cilik, mikro kosmos) lan njaba (jagad gede,makro kosmos) kuwi kaebekan datullah, kalimputan sipatullah, tetep salawas-lawase.

3. Yen ora biso tekan ing kahanan suwung, kapeksa bakal kapurba maneh dening angger-anggering kodrat: nandang penderitaan bungah susah.

Thenging dwista tan ana kang kaesthi,
Thileg-thileg tan lalu palastha,
Thenger-thenger tanpa canthel,
Thok-thele mung ngalunthung,
Thering sedya tan bangkit mesthi,
Thukule pasti nistha,
Thinotol blegthuthur,
Thong-thongsot prapta pepathan,
Thek-ethekan nuthuki si kuthung nisthip,
Thinethel mring kanisthan.

1. (Sing ora biso bali marang asale mau): bingung ora karuwan sedyane.Temah tilek-tilek lan tenger-tenger wae. Pepuntone mung ngeluntung kanthisedya sing ora gumatok.

2. Bareng tukul sedyane, mesthi sedya sing remeh-remeh, dituntun blekutur. Para tong-tongsot teka, pada milara wong sing bingung kuwi,digeret marang kanisthan.

Nging kang paksa ngemba pra wirangi,
Nganggit ngelmu ngawag tan uninga,
Ngawur muhung andedongeng,
Ngluluri reh ing dangu,
Ngandikane pra mrih lulungit,
Ngudiya wadining rat,
Nging ywa rangu-rangu,
Ngungseda nganti uninga,
Ngracut ngukut wosing angga kang piningit,
Ngayuh wor kang wurweng rat.

1. Pengarange buku iki agahan tiru-tiru para pandhito: medharane ngelmu, satemene ora weruh. Mung ngawur kaya adongeng wae.

2. Mung ngestoake ngendikane para leluhur, ahli kebatinan, supaya kita ngudi kaweruh wadhine buwana kanthi temen- temen.

3. Supaya telaten mangsah semadi, nganti kasil ngalami kahanan suwung,yakuwi manunggale titah karo sing nitahake.

WUYUNG



Ana Tembung Tetembangan Ing Wengi
Kekidungan Tembang Gegayuhaning Ati
Ngambara Rasa Godhaning Jiwa
Godaning Jiwa Karebut Ing Mangsa

Ana Sastra Kaserat Ing Mega
Pujangga Muda Luruh Ing Asmara
Ciptaning Rasa Gregeting Jiwa
Rasa Jiwa Keselak Ing Branta

Dak Suwun Sliramu Duh Kusuma
Nora Cidra Garise Rasa
Nora Sirna Mekaring Cundhup Asmara
Cundhup Asmara Kang Banget Dak Rasa

Ana Tembung Tetembanganing Wuyung
Hanyandra Rasa Godhaning Sukma
Marang Sastra Kaserat Ing Kidung
Hangrerepa Marang Chandra Lan Kartika

Serat Maha Purwo

Serat Mahapurwa nyarioskeun lalakon Sang Hyang Adama, Sang Hyang Sita, Sang Hyang Nurcahya, Sang Hyang Nurasa, Sang Hyang Wenang, Sang Hyang Tunggal, sareng Sang Hyang Manikmaya. Wawaton seratan iyeu ngarujuk kana Serat Paramayoga garapan Pujangga Ranggawarsita di Surakarta anu ngarujuk Serat Jitapsara garapan Begawan Palasara di Astina sareng ngarujuk Pustaka Darya garapan Sang Hyang Nurcahya di Lokadewa.

Lalakon Sang Hyang Adama
Kocap kacarita Sang Hyang Adama saparantosna diturunkeun ka alam dunya sareng dihampura dosana, ngadeg raja di Kusniamalabari, ngaratuan sato kewan. Daharna tina pamuja. Sang Hyang Adama nyiptaken taun surya sareng taun candra, teras nyipta Tanajultarki kangge miwitan pepelakan na taun 129 SA atawa taun 133 CA. Teu lami bojona Sang Hyang Adama nyaeta Dewi Hawa babaran kembar dampit putra-putri. Kembar dampit kahiji rupana awon, kadua sae, katilu awon, kaopat sae, kalima awon, kitu saterasna dugi opat puluh dua kali, nanging anu kagenep sareng ka opat puluh hiji teu dampit.

Saparantosna gaduh putra lima dampit, Sang Hyang Adama bade ngajodokeun putra-putrina. Putra anu gagah dijodokeun sareng putri anu awon. Putri anu geulis dijodokeun sareng putra anu awon. Jadi teu dijodokeun saluyu sareng dampitanna.

Ari pangersana Dewi Hawa, putra-putrina dijodokeun saluyu sareng dampitanna, anu gagah dijodokeun sareng anu geulis, anu awon sareng anu awon. Jojodoan iyeu jadi pasulaya antara Sang Hyang Adama sareng Dewi Hawa. Pasulayana ngantos rebutan kawasa ngaluarkeun rahsa anu diwadahan ku cupumanik sareng dipujakeun ka Gustina.

Saparantosna dugi kana wancina, cupumanik dibuka. Rahsa pamuja dina cupumanik Sang Hyang Adama janten babayi nanging ngan raragana wungkul; sedengkeun rahsa pamuja dina cupumanik Dewi Hawa ngawujud getih. Dewi Hawa ngarasa nalangsa ku kaayaan eta.

Jabang bayi anu aya dina cupumanik Sang Hyang Adama kena ku dihim pinasti janten jabang bayi anu sampurna kacaangan ku cahya nurbuat sareng aya sasmita ti Gusti nami eta jabang bayi teh Sang Hyang Sita. Mantenna suka bungah anu teu aya papadana.

Teu lami aya gara-gara, cupumanik Sang Hyang Adama katiup angin puyuh lilimbungan tumiba kana teleng sagara hideung. Cupumanik kacekel ku Danyang Azazil, ratu banujan anu ngawasa sagara hideung.

Ahirna Dewi Hawa manut kana aturan jojodoan Sang Hyang Adama. Sadaya putra-putrina lobana opat puluh dampit, sareng aya anu dua anu teu dampit nyaeta Sang Hyang Sita sareng Dewi Hunun.

Putra-putri Sang Hyang Adama nyaeta
Sang Hyang Kabila, Dewi Alima, Sang Hyang Habila, Dewi Damima, Sang Hyang Isrila, Dewi Sarira, Sang Hyang Israwana, Dewi Mona, Sang Hyang Basaradiwana, Dewi Dayuna, Sang Hyang Sita, Sang Hyang Yasita, Dewi Awisa, Sang Hyang Sesana, Dewi Aisa, Sang Hyang Yasmiyana, Dewi Ramsa, Sang Hyang Yanmiyana, Dewi Yarusa, Sang Hyang Suryana, Dewi Siriya, Sang Hyang Amana, Dewi Mahasa, Sang Hyang Kayumarata, Dewi Hindunmaras, Sang Hyang Yajuja, Dewi Majuja, Sang Hyang Lata, Dewi Uzza, Sang Hyang Harata, Dewi Haruti, Sang Hyang Danaba, Dewi Daniba, Sang Hyang Bantasa, Dewi Bintisa, Sang Hyang Somala, Dewi Susia, Sang Hyang Jamaruta dampitanna Dewi Malki, Sang Hyang Tamakala, Dewi Tamakali, Sang Hyang Adana, Dewi Adini, Sang Hyang Harnala, Dewi Harnila, Sang Hyang Samala, Dewi Samila, Sang Hyang Awala, Dewi Awila, Sang Hyang Astala, Dewi Astila, Sang Hyang Nurala, Dewi Nureli, Sang Hyang Nuhkala, Dewi Nuhkali, Sang Hyang Nuskala, Dewi Arki, Sang Hyang Sarkala, Dewi Sarki, Sang Hyang Karala, Dewi Karia, Sang Hyang Dujala, Dewi Dujila, Sang Hyang Katala, Dewi Katili, Sang Hyang Arkala, Dewi Arkali, Sang Hyang Mrihakala, Dewi Mrihakali, Sang Hyang Ardabala, Dewi Ardiati, Sang Hyang Sanala, Dewi Peni, Sang Hyang Pujala, Dewi Puji, Sang Hyang Sasala, Dewi Sasi, Sang Hyang Sahnala, Dewi Sani, Dewi Hunun, Sang Hyang Sahalanala, sareng Dewi Sahini.

Nanging Sang Hyang Kabila, Dewi Alima, Sang Hyang Basaradiwana, Dewi Dayuna, Sang Hyang Lata, Dewi Uzza, teu manut kana aturan jojodoan Sang Hyang Adama. Sang Hyang Kabila teu saluyu, sareng hoyong dijodokeun ka jodo rayina nyaeta Sang Hyang Habila. Pasulaya rebutan jodo eta dugi ka rebutan pati. Sang Hyang Habila dipaehan ku Sang Hyang Kabila. Saparantosna rayina maot, Sang Hyang Kabila ngahuleng liyeur mikiran kumaha carana ngubur eta layon rayina. Teras aya manuk gaok totoker dina taneuh. Sang Hyang Kabila nurutan manuk gaok ngadamel liang lahat.

Sang Hyang Kabila sareng bojona Dewi Alima jeung Dewi Damima ditundung ku Sang Hyang Adama, teras ngalalana dugi ka tanah Afrika, disarengan ku rayina Sang Hyang Basaradiwana, sareng Dewi Dayuna. Kitu oge Sang Hyang Yajuja sareng dampitanna Dewi Majuja nyusul Sang Hyang Kabila ka tanah Afrika. Sedengkeun Sang Hyang Lata Sareng Dewi Uzza ngalalana ka tanah Asia.

Saterasna Sang Hyang Adama ngaratuan sato-kewan sareng anak-turunanna.


Lalakon Sang Hyang Sita
Saparantosna dewasa Sang Hyang Sita dipasihan jodo bidadari ku Gusti. Nami bojona Dewi Mulat. Rumahtanggana silih asah silih asih silih asuh.

Kocap kacarita, Danyang Azazil ratu banujan di Sagara Hideung hoyong ngajodokeun putrina anu namina Dayang Dalajah ka turunan Sang Hyang Adama sangkan bisa ngaratuan bangsa manusa. Danyang Azazil ngaboyong putrina ka Kusniamalabari. Kusaktina Danyang Azazil, putrina malih rupa janten Dewi Mulat. Sedengkeun Dewi Mulat anu asli kasarung leungit tanpa lebih ilang tanpa karana disumputkeu ku Danyang Azazil.

Kasurung ku gandrung kasorang ku cinta, Sang Hyang Sita saresmi sareng Dewi Mulat mamalihan. Kama manjing ing kenyapuri Dayang Dalajah kena ku dihim pinasti, cabar tina mamalihanana lajeng mulang ka Sagara Hideung sareng ramana Danyang Azazil. Dewi Mulat anu asli parantos katingali deui, sare sareng Sang Hyang Sita.

Dewi Mulat ngandung jabang bayi. Dina wancina ngalahirkeun, wayah janari Dewi Mulat babaran kembar, anu kahiji mangrupi bayi lalaki, anu kadua mangrupa cahaya. Wanci sarepna dina poe anu sami, Dayang Dalajah oge ngalahirkeun wujudna rahsa, lajeng dibawa ka Kusniamalabari Ku Danyang Azazil.

Rahsa sareng Cahaya gumulung ngahiji jadi bayi lalaki anu kalimputan ku cahaya gilang gumilang teu tiasa digarayang.

Eyangna, Sang Hyang Adama masihan aran ka eta bayi kembar. Anu kahiji namina Sang Hyang Nara, anu kadua Sang Hyang Nara, margi kalimputan cahaya katelah Sang Hyang Nurcahya.

Saparantosna dewasa, Sang Hyang Nasa suka kana elmu agama anu diwedar ku eyangna Sang Hyang Adama. Sedengkeun Sang Hyang Nurcahya suka tatapa di leuweung luwang-liwung, di pucuk-pucuk gunung, atawa dina jero-jero guha.

Sang Hyang Nurcahya suka ngalalana ngalanglang buana, teras papendak sareng Danyang Azazil anu malih rupa janten maharesi anu sakti mandraguna pasagi ku pangarti pinuh ku elmu jembar ku pangabisa. Sang Hyang Nurcahya guguru ka Danyang Azazil, diwuruk diwulang olah kanuragan, kasakten, elmu panemu jampe pamake, kawedukan, kabedasan. Sang Hyang Nurcahya teu tutung ku api teu baseh ku cai teu teurak ku badama, bisa mancala putra mancala putri, bisa ngaleungit tanpa lebih ilang tanpa karana, bisa ngagegana mapak mega jumantara, bisa ambles bumi neuleuman sagara.

Saparantosna tamat guguruna, Sang Hyang Nurcahya mulang ka Kusniamalabari. Sang Hyang Adama kaget ngaweruhan kaayaan incuna. Sang Hyang Nurcahya benten pisang sareng kembaranna Sang Hyang Nasa. Nanging Sang Hyang Adama teu kasamaran yen eta sadaya lantaran Danyang Azazil.

Sang Hyang Adama ngadawuhan putrana Sang Hyang Sita ngabaran yen Sang Hyang Nurcahya isukan bakal mukir tina agama Sang Hyang Adama lantaran nganut ajaran Danyang Azazil. Sang Hyang Sita ngahuleung ngaraga meneng, kaduhung ku kalakuan Sang Hyang Nurcahya.

Dina umur 990 tahun Sang Hyang Adama tilar dunya. Sadaya elmuna diwariskeun ka Sang Hyang Sita; sedengkeun kakawasaanna diwariskenana ka Sang Hyang Kayumarata, putrana anu ka tilu belas. Pambagian eta dumasar kana kaunggulan putra-putrana. Sang Hyang Sita janten pangawasa babagan rohani; sedengkeun Sang Hyang Kayumaratan janten pangawasa babagan jasmani.

Lalakon Sang Hyang Nurcahya

Maotna eyang Sang Hyang Adama janten memengen incunna nyaeta Sang Hyang Nurcahya. Anjeuna ngaraos kaduhung margi Sang Hyang Adama kena lara pati. Upami anjeunna masih netepan elmuna Sang Hyang Adama, pinasti anjeunna bakal kena ku lara pati. Teras Sang Hyang Nurcahya nilar Kusniamalabari bade milari elmu anu hanteu kena ku lara pati sangkan hirupna mulus rahayu lestari abadi.

Sang Hyang Nurcahya ngalalana dugi ka luar batas nagari Kusniamalabari. Di tepis miring anu tumuju ka leuweung liwang-liwung, Sang Hyang Nurcahya papendak sareng Danyang Azazil. Anjeunna dibantun ka talatah Awinda nyaeta wewengkonna para siluman, anu kacida wingitna, poek-mongkleng, sareng tiis-tingtrim, ayanna di puser bumi belah kaler, anu teu kaambah ku cahaya panon poe. Di dinya ayana Tirtamarta Kamandalu, nyaeta cai kahuripan anu kaluar tina mustika mega.

Sang Hyang Nurcahya sareng Danyang Azazil muja ka Gusti sangkan dipasihan Tirtamarta Kamandalu. Lajeng aya mega lalambakan mocoran cai kahuripan tina Sagara Rahmat. Sang Hyang Nurcahya disuruh mandi sareng nginum Tirtamarta Kamandalu. Sang Hyang Nurcahya hoyong ngawadahan eta cai kahuripan nanging teu mawa wadah. Danyang Azazil masihan wadah namina Cupumanik Astagina anu saleresna kagungan Sang Hyang Adama waktu katiup angin puyuh liliwungan lagrag dina teleng Sagara Hideung wewengkonna Danyang Azazil. Cupumanik Astagina gaduh kasaktian sadaya anu diwadahan ku eta cupu moal bakal seep.

Lajeng Sang Hyang Nurcahya kaluar ti talatah Awinda, sareng Danyang Azazil leungit tanpa lebih ilang tanpa karana. Sang Hyang Nurcahya neraskeun lalampahanna sorangan. Di hiji talatah anjeunna mendak hiji tatangkalan anu akarna tiasa ngalantaran hurip kajati mulang ka asal kebo mulih makandangan, sumber kahirupanna alam dunya, anu katelah Lata Maosadi.

Wancina Sang Hyang Nurcahya bade mulang ka Kusniamalabari bingung kasarung teu emut kamana jalanna. Anjeunna kalunta-lunta ngalalana ngambah jurang jungkrang, gunung nangtung, leuleuweungan.

Dina hiji poe anjeunna anjog ka sisi sagara, sareng ningali aya dua mahluk nangtung di luhur sagara. Sang Hyang Nurcahya nampak sancang leumpang di luhur cai nyaketan eta mahluk. Anu kahiji namina Danyang Haruta, anu kadua Danyang Maruta. Baheulana mah eta mahluk teh namina Sang Hyang Isyana sareng Sang Hyang Isaya anu meunang bebendu ti Gusti katulah janten banujan nyaeta bangsa jin.

Danyang Haruta sareng Danyang Maruta ngawuruk kaweruh Sang Hyang Nurcahya babagan lumakuna bumi, panon poe, bulan, bentang, anu katelah elmu palakiah, sareng elmu hikmah.

Sang Hyang Nurcahya nyarita yen anjena hoyong terang sorga. Danyang Haruta sareng Danyang Maruta ngadongeng yen soga eta ayana dina hulu walungan anu pang ageungna di talatah Afrika. Sang Hyang Nurcahya percanten ka eta dongeng lajeng ngalalana milarian sorga nutuykeun eta walungan.

Sang Hyang Nurcahya papendak sareng paman jeung bibina, nyaeta putra-putri Sang Hyang Adama anu ka lima belas namina Sang Hyang Lata sareng Dewi Uzza nuju tatapa di sisi eta walungan. Sang Hyang Nurcahya nyarita yen anjeunna putrana Sang Hyang Sita. Sang Hyang Lata sareng Dewi Uzza nampi kadatangan Sang Hyang Nurcahya, lajeng diwuruk elmu kaweruh sadurung winarah sadaya lalakon anu parantos atawa bakal kasorang.

Lajeng Sang Hyang Nurcahya neraskeun milarian sorga dugi ka talaga Jambirilahiri di hulu walungan anu ayana di pucuk Gunung Kaspia. Sang Hyang Nurcahya ngahuleng ngaraga mineng kaduhung ku bingung margina teu mendakan ayana sorga.

Aya sora tina jero kawah Gunung Kaspia anu api sareng latuna pating kolenyay murub-mubyar, ngaku-aku yen mantena eta Gusti Amurba Bumi anu kagungan sora sareng naraka. Eta sora teh dadamelan Danyang Azazil anu malih warna. Sang Hyang Nurcahya mesat ka jumantara ngadep Gusti Amurba Bumi nyuhun diweruhan ayana sorga. Sang Hyang Nurcahya lebet kana sosoca anu katelah Ratnadumilah, ningali kaendahan sadaya eusi sogra.

Saparantosna kaluar tina jero sosoca, Danyang Azazil anu malih warni jadi Gusti Amurba Bumi masihkeun Ratnadumilah ka Sang Hyang Nurcahya. Kasaktian eta sosoca teh sadaya anu dipikacipta aya, anu dipikahayang datang, teu keuna ku tunduh, teu keuna ku laralapa. Lajeng Sang Hyang Nurcahya diwuruk elmu pangiwa panitisan, manjing suruping pati, lampahna cakramanggilingan.

Sang Hyang Nurcahya teu hayang mulang ka Kusniamalabari. Danyang Azazil nuduhan hiji talatah anu tiasa didunungan ku Sang Hyang Nurcahya anu katelah Lokadewa. Lajeng Sang Hyang Nurcahya angkat ka eta tempat.

Di Lokadewa, Sang Hyang Nurcahya neraskeun tapana di pucuk gunung nutuykeun lampahna panon poe. Wayah janari nyanghareup ka wetan, tengah poe nyanghareup ka luhur, wayah sareupna nyanghareup ka kulon. Lamina eta tatapa tujuh taun, dugi anjeuna ngaraga sukma lebet kana alam Sunyaruri awang-uwung, nyaeta alam Banujan. Sang Hyang Nurcahya dumunung di eta alam lamina sarebu taun.

Kocap kacarita aya hiji ratu banujan anu ngadanyangan Lokadewa namina Danyang Maladewa, putrana Danyang Harataketu. Anjeuna nuju ngider bumi ningali aya cahaya murub-mubyar sanes surya gilang gumilang sanes bentang kadia sosoca sanes candra, nanging cahaya sukma trahna Sang Hyang Adama.

Danyang Maladewa bade nyepeng eta cahaya nanging teu tiasa. Lajeng janten bandayuda ogol begalan pati sareng eta cahaya sukma anu ngaku-aku Amurbamisesa Alam. Danyang Maladewa kalah taluk ka Sang Hyang Nurcahya, anu saterasna ngadeg ratu di Lokadewa sareng migarwa putrina Danyang Maladewa anu katelah Dewi Mahamuni. Sadaya kulawarga sareng wadiabala Danyang Maladewa sami ngadep taluk hamarikelu ka Sang Hyang Nurcahya anu kasebat Dewata nyaeta guru linuhung Lokadewa. Eta wiwitanna para dewa disebat Sang Hyang magi julukan anu diagem ku Sang Hyang Nurcahya.

Kocap kacarita Sang Hyang Nurcahya julukanana Sang Hyang Dewata, Sang Hyang Dewapamungkas, Sang Hyang Atmadewa, Sang Hyang Sukmakawekas, Sang Hyang Amurbengrat, Sang Hyang Manon, Sang Hyang Permana, Sang Hyang Permata, Sang Hyang Mahawidi, Sang Hyang Mahasidi, Sang Hyang Mahamulia, Sang Hyang Kahanantunggal, Sang Hyang Jagatmurtitaya, eta putrana Sang Hyang Sita, incuna Sang Hyang Adama.

Sang Hyang Nurcahya gaduh putra tunggal ti garwana Dewi Mahamuni, anu namina Sang Hyang Nurasa margi kacipta tina aworna cahaya sareng rahsa anu disiram Tirtamarta Kamandalu.

Lalakon Sang Hyang Nurasa

Saparatosna Sang Hyang Nurasa dewasa, lajeng Sang Hyang Nurcahya ngawariskeun karaton ka putrana sareng masihan Cupumanik Astagina, Lata Maosadi, sareng Ratnadumilah. Sang Hyang Nurcahya lajeng nyipta Pustaka Darya, nyaeta seratan dina emutan, mantra tanpa sora, sora tanpa sastra, anu nyaritakeun lalampahan anjeunna. Pustaka Darya oge dipasihkeun ka Sang Hyang Nurasa.


By Awang Uwung